Thursday, December 2, 2010

Lirik Langgam dan Campursari












Langgam “Jenang Gulo”











Jenang gulo kowe ojo lali




Marang aku iki, cah ayu



Nalikane nandang susah


 sopo sing ngancani





Dek semono aku tetep setyo
sarto tetep tresno


Dereng nate gawe gelo lan gawe
kuciwa





Ning sak iki bareng mukti


kowe kok njur malah lali, marang
aku


Sithik sithik mesti nesu


Terus ngajak padu ....


jo ngono ojo ngono....





Opo kowe pancen ra kelingan


 jamane dek mbiyen cah ayu


Kowe janji bungah susah pada di
lakoni








Langgam “LUNTUR”





Yen lunturo wenterane


Ora kaya yen luntur tresnane


Tekan tekane atine


Kaya kaya mung sak sire dewe





Ora sembada biyene


Saben dina mung tansah methuke


Saben kepethuk tembunge


Angrerepo dadiyo duweke





Ora maido


Kala mangsa mung sok gawe gelo


Ewo semono nganti bisa
anglunturke tresno


Ditambakno mrono mrene


Tiwas tiwas ndedowo lelarane


Nanging tombo sejatine


Ora liyo mung awake dewe








Lgm LARA BRANTA





Yen kelingan mring sliramu,
aduh..


Kaya rinujit atiku


Yen siang tansah katon malelo


Dalu datan bisa nendro





Apa sliramu wis lali tenan


Dhek semono nate janji


Sedyo arep urip bebarengan


Bungah susah dilakoni





Nanging aku ora ngiro


Yen sliramu bakal cidro


Bareng saiki wis mulyo


Banjur kromo





Ora nganggo kandha-khanda.....





Opo pancen wis pesthine aduh...


Aku mung kudu narimo


Sapa kang bisa paring usada


Wong kang nandang lara branta








Bowo : yen ing tawang ana lintang


                                                                                                 


Yen ing tawang ana
lintang


Wong bagus/wong ayu
aku ngenteni


Marang mega ing
angkasa


Sun takon wartane
reki


Janji-jani ku eling


Sumedot rasaning
tyas ingsun


Nimas ingsun
prasapa


Sineksenan bumi
langit


Tangising tyas
ngenteni padang rembulan





yen ing tawang ana lintang





Yen ing tawang ana
lintang, wong bagus/wong ayu


Aku ngenteni tekamu


Marang mega ing
angkasa, kangmas/nimas


Sun takokne
pawartamu





Janji-jani aku
eling, wong bagus


Sumedot rasane ati


Lintang-lintang
ngiwi-ngiwi, kangmas/nimas


Tresnaku sundul
wiyati





Dek semana janjimu
disekseni


Mega kartika  ka iring rasa tresna asih








Yen ing tawang ana
lintang wong bagus/wong ayu


Rungokno tangising
ati


Binarung swarane
ratri kangmas/nimas


Ngenteni wulan
ndadari





Langgam “Dadi Ati”





Nggoleki sing koyo
ngopo


Wong nyatane
kelakon sprene


Angger-angger
gandro


Wekasane malah mbangun tresno





Dudu bandha dudu
rupa


Mung atine dadi
tetaline


Guyup rukun kadya


Pepindane mimi lan
mintuno





Wis jamak lumrahe


Yen wong urip, coba
lan godane
, gedhee


Supradene ora nganti


Ndadak dadi gawe,eeaeoo





Rino lan wengi dadi ati eea


Wong kang sabar luhur bebudine


Dasar gemati


momong putra alus bebudine








Langgam “Retno Pengasih”





Slagane retno
pengasih


Yen ngendiko sarwa
lirih


Senadyan amung prasaja


Nganti bisa nuju
prana





Senadyan amerak ati


Katok luruh tan mboseni





Keh prio podo kepranan


Enggar-enggar ing
katresnan





Eman-eman dok ing
moyo


Pancen di  tinaalat   kumlawung


Retno nggunung
retno nggunung


jroning gandrung trus ambarung





pos....





Kedlewekan ing panderek


Yo ben bisa pilih asih


Mestine retno pengasih


Tansah mring kang maha luwih








Kedlewekan ing
panderek


Yo ben  bisa ngelingake


Mestine retno
pengasih


Tansah maha luwih








Lgm. IMBANGONO KATRESNANKU





Saben dina mung ngalamun


Jroning sepi sepah samun


Amung tansah ngadulu


Wewayanganmu


duh kangmas wong bagus


Lali lali tan bisa lali


Saya sanget ngrujit ati


Lelewamu wong bagus


 tansah kumantil


Ing badane netra


Apa tego


siro kangmas cidro ing janji


Misahake katresnan jati


Lamun mangkono piye katresnanmu.....
piye katresnanmu





Moko kang mas katresnanku


Bebasane tan biso tinuku


Cunduk lan prasetyaku


Atur marang jiwo lan rogoku








Langgam ”ESEMMU”





Suwe ora ketemu cah ayu


Gawe kangen ing atiku


Tak suwun rinten lan dalu


Pamujiku manggiho rahayu





Lha piye genah genahe yo gene


Tak anti anti khabare


Ora esuk ora sore


Mung kelingan sak solah bawane





Nadyan mung krungu suarane


Opo maneh yen nyawang eseme


Bebasan segoro madu kalah
manis


Sing manis pancen esemu





Ibo bungah ing ati cah manis


Antuk nugrahaning Gusti


Nora mung jroning impenku


Biso nyanding sliramu cah ayu







Langgam "Maesa Jenar"





Kaloningrat pilih tanding, Maeso jenar


Satrio ing pengging


Satrio degdyo lelono ngupoyo


Sabuk inten nogososro





Tan samaring beboyo, Maeso jenar


Bekti ing negoro


Mandap jurang nasak wono woso


Kayungyun guayane bongso





Poro kang ambek angkoro


Memalangi  sedyo utomo


Nanging pinesthi, lebur musno


Ketiban aji sosrobirowo





Nora pamrih kalenggahan, Maeso jenar


Wani datan giris


Ngeronce edining asmoro


Kelawan wong ayu dyah roro wilis








Gelang Kalung





Gelang kalung sing tak tompo


Ngelingake jamane semono


Naliko biyen-biyene


Tresno aku nganti sak lawase





Opo kowe ra kelingan


Janji pingin, urip bebarengan


Mbendino yo mung tak roso


Opo pancen sliramu ra kroso





Opo sliramu ra getun


Moh rekoso urip ono nggunung


Bungah susah di lakoni


Yen rejeki ono sing maringi





Gelang kalung dadi seksi


Mugo sliramu ra bakal nyidrani


Wiwit dunyo nganti akhir


Duh wong bagus sing tak pikir-pikir








Kembang Rawe





Caritane wong seneng tunggal sak bale


Wiwitane lungguh jejer sabendinane


Soyo suwe saben jejer nyekel tangane


Banjur ngomong mas aku tresno kowe





Caritane wong seneng tunggal sak bale


Wiwitane lungguh jejer sabendinane


Soyo suwe saben jejer nyekel tangane


Banjur ngomong mas aku tresno kowe





Kembang kenongo atiku digawe loro


Kembang melati agawe lorone ati


Kembang kecubung agawe atiku bingung


Kembange mawar tresnaku wis katon buyar





Mulo wong tresno ora keno nggo sembrono


Ora becik kanggone poro wanito


Kembange rawe iku paribasane


Tinimbang rame Luwih becik tak tinggalne








Tondo Moto





Senajanto ora mitro


Tondo moto sing tak tompo


Sanajan among sepele


Ngelingake kabeh lelabete





Koyo rembulan lumaku


Kang madangi wanci dalu


Koyo tumetese banyu


Ngelingake kangene atiku





Kae tondo moto


Mertandani ati tresno


Nadyan nate nggawe gelo


ning nyatane  mung katon ning moto





Tak simpen ono kamarku


Dadi sulihe sliramu


Tak simpen ono atiku


liyo wektu bakale ketemu








Pepiling





Wis wancine tansah dielingke


Wis wancine podo nindakake


Adzan wis kumandang


Wayahe sembahyang


Netepi wajib dawuhe pangeran


Sholat dadi cagake agomo


Limang wektu kudu tansah di jogo


Kanti istikomah


Lan sing tumakninah


Luwih sampurno yen berjamaah





Subuh dhuhur lan asar


Sholat sayekti ngedohake tindak mungkar


Magrib lan isak jangkepe


Prayogane ditambah sholat sunahe





Jo sembrono iku printah agomo


Elingono neng dunyo mungsedelo


Tabah lan tawakal


Pasrah sing kuwoso


Yen kepingin besuk munggah suwargo








Ireng Manis





Yen kelingan lelakon ku cah manis


Naliko ing pamulangan


Aku duwe konco putri, grapyak


Ayu lahir lan bathine





Bareng dolan ning omahku, perlune


Mung sinau bebarengan


Suwe-suwe aku tresno margo


Kelingan ireng manise





Nanging cuwo, ora biso urip bebarengan


Senajan aku wis sumpah, tetep tresno lahir bathin, eee,eee.





Mung jalaran pepisahan, dipekso omah omah wong tuwane


Tresnaku ra biso ilang, margo kelingan ireng manise








Srihuning





Srihuning mustiko Tuban


Labuh tresno lan saboyo pati


Marang Raden Wiratmoyo


Kang wis prasetyo anyambut krami





Srihuning datan nggrahito


Kang rinipto kadange pribadi


Wiratmoyo putraniro


Rongglawe Adipati Tuban





Srihuning putrane abdi


wongso pati nalikane uni


kapupuh ing madya logo


perang tanding lawan Minak Jinggo





katresnane Wiratmoyo


tinampi dening Roro Srihuning


senadjan bebasaniro


prapteng lampus alabuh negoro








Tresno sudro





Abote wong nandang tresno


Tak belani nganti tekan pati


Tresnaku mung kanggo siro


Kusumo kang tansah merak ati





Saben dino rabiso lali


Mung kelingan esemu


Sampek kapan aku ra ngerti


Biso nyanding sliramu





Abote dadi wong sudro


Tresno tulus ora dipercoyo


Wong tuwomu ngumbar sujono


Tansah ngiro aku wong durjono





Dalan-dalan sing tak liwati


Ngalor ngidul mung dengkul


Paribasan turu klesetan


Uripku tansah kebak pacoban





Cah ayu-cah ayu tak enteni


Lilane wong tuwamu marengke kowe


Sing sabar-sing sabar yo tresnaku


Ing tembe mburi bakal dadi duweku





duh gusti sing tak puji


paringono dalan kanggo tresnaku





Joko Mlarat





Wiwit biyen mulo


 Aku rak wis kondo


Aku wong ndeso ora bondo dunyo


Joko mlarat wong tuwamu pangkat


Aku wong ndeso uripku rekoso





Iki wis wancine kowe di daupke


Karo prio bagus sing podo sugihe


Ora nyono lan ora nglegewo


Yen sliramu tego polokromo





Srengenge ngulon parane


Yen bengi rembulan jenenge


Esuk tempe jarene, sore dele


Tresno tenan mbok anggep sepele





Srengenge ngulon parane


Yen bengi rembulan jenenge


Esuk tempe jarene, sore dele


Tresnamu mung abang-abang lambe








Nawala


Wis tak tompo nawalane


Surasane uga wus mangerti


Warna-warna pamuwuse


Temahane bisa ndudut ati





Ngantio tekan seprene


Soyo gawe ewuhing pambudi


Nggonku kirim wangsulane


Sing mestine dewe’e ngenteni





Nora gampang


Senanjanto mung nuliso layang


Mrih bahagyan,


Yen diwoco wong kang lagi nandang





Ora sepiro ujude


Dirasakno abote kepati


Nawala mung dluwang wae


Di buwango, anggondeli ati








Ojo di pleroki




Mas mas mas ojo dipleroki

Mas mas mas ojo dipoyoki

karepku njaluk di esemi

tingkah lakumu kudu ngerti coro

ojo ditinggal kapribaden ketimuran

mengko gek keri ing jaman

mbok yo sing eling

eling bab opo?

iku budoyo

pancene bener kandamu








Kesumaning Ati





Kusumaning ati

Duh wong bagus kang tak anti
-anti

Mung tekamu biso gawe

Tentrem ning atiku





Biyen nate janji

Tak ugemi ora bakal lali

njur kelingan jroning ati

Sak bedahing bumi





Kadung koyo ngene

Sak iki piye karepe

Malah mirangake


Manis pambukane

Kok pahit tibo mburine

Pancen mangkelake





Amung pamujiku

Mugo-mugo rak ono rubedho


Sak pungkure

Nggonmu lungo

Ora kondo-kondo








Lingsir Wengi





Lingsir wengi

Sepi durung biso nendro

Kagodho mring wewayang

Kang ngreridhu ati


Kawitane

Mung sembrono njur kulino

Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno


Nanging duh tibane aku dewe kang nemahi

Nandang bronto

Kadung loro

Sambat-sambat sopo


Rino wengi

Sing tak puji ojo lali

Janjine mugo biso tak ugemi








Keno Gudho





Nalikane dek jaman semono

Tresnamu setyo lan tuhu

Anane mung tansah ngalembono

Jujur ora nate cidro


Mulo aku tansah animbangi

Tresnaku ginowo mati

Ora ono lingtang kang sumunar

Amung ndiko pepujanku


Sliramu pamit tugas ngayahi

Mrih rahayu ne sessami

Nggonku muji kariyo basuki

Suk kapan anggonmu bali


Peteng ndedet rasaning atiku

Bareng keprungu khabarmu

Nyatane sing kondur mung layangmu

Ora liyo keno godho


Mulo aku tansah animbangi

Tresnaku ginowo mati

Ora ono lingtang kang sumunar

Amung ndiko pepujanku


Sliramu pamit tugas ngayahi

Mrih rahayu ne sessami

Nggonku muji kariyo basuki

Suk kapan anggonmu bali


Peteng ndedet rasaning atiku

Bareng keprungu khabarmu

Nyatane sing kondur mung layangmu

Ora liyo keno godho








Ojo Lamis


Ojo sok gampang

janji wong manis

yen to amung lamis


Becik aluwung prasojo nimas

Ora agawe cuwo


Tansah ngugemi

Tresnamu wingi

Jebul amung lamis


Koyo ngenteni

Thukuling jamur

Ing mongso ketigo


Aku iki prasasat

Loro tan antuk jampi

Mbok ojo mung lamis

Kang uwis dadine banjur didis

Akeh tulodo wong demen cidro

Uripe rekoso


Milih sawiji ngendi kang suci

Tanggung bisa mukti











Gethuk





Sore sore Padang bulan

Ayo konco podho dolanan

Rene-rene bebarengan

Rame rame e … do gegojegan


Kae-kae rembulane

Yen di sawang kok ngawe-awe

Koyo-koyo ngelengake

Kanco kabeh ojo turu sore-sore


…Gethuk

Asale soko telo mas

…Moto ngantuk

Iku tambane opo


…Ala ala gethuk

Asale soko telo mas

…Yen rak pethuk

Atine rodo gelo


Ojo ngono mas

Ojo-ojo ngono

Kadung janji mas

Aku mengko gelo











Prau Layar





Yo konco ning nggisik gembiro

Alerap lerap banyune segoro


Angliyak numpak prau layar

Ing dino minggu keh pariwisoto


Galo praune wis nengah

Byak byuk byak banyu binelah

Ora jemu jemu karo mesem ngguyu

Ngilangake roso lungkrah lesu


Adik njawil mas

Jebul wis sore

Witing kalopo katon ngawe awe

Prayogane becik balik wae

Dene sesuk esuk

Tumandang nyambut gawe










NYIDAM SARI


Umpomo sliramu sekar melati

aku kumbang Nyidam Sari

Umpomo sliramu margi

wong bagus, aku kang bakal nglewati


Sineksen lintange luku

semono janji prasetia ning ati

tansah kumantil ing netra rinoso

karasa arasaning ndriyo


Midero sak jagad raya kalingono wukir

lan samudro nora ilang memanise

dadi ati selawase


Nalika nira ing ndalu atiku

lamlaman  sliramu wong ayu

nganti mati ora bakal lali

lha kae lintange mlaku








Becak Solo





Becak Solo mlakune alon prasaja

Sing nyopir sopan santun tata karma

Genjotane mantep ora ngresula

Tumpak’ane ora nyuwara menakke rasa


Becak Solo rina wengi datan kemba

Wira wiri golek penumpang ngupaya upa

Ora ninggalke peraturan sing wis ana

Becak Solo nyata rag awe kuciwa


E pak becak kula mang terke ten mbuderan

Bunderane ten sisih pundi wong ayu

Nika ketok melok-melok bunderane

Nika wonten bunderan Banjarsari


Pak becak kula numpak bola-bali

Ndika purun kula bayar kalih niki


Ndika purun kula bayar kalih niki


Purun mawon angger kula mboten rugi

Nyopir becak rina wengi pados rejeki

Nyopir becak rina wengi pados rejeki








Anting-anting





Ting anting mbang cempaka

Tanda mata saka seliramu

Ting anting tandha tresna

Lahir batin sineksen lintange luku


Ling eling dhek semana

Rembulane ketutupan mega

Gawe kekesing ati

Nganti-anti tekane si jantung hati


Anting-anting dhik kembang cempaka

Wohing aren mbok yo eling dhek semana

Emprit ganthil mencok neng witing pari

Tansah kumanthil ana njeroning ati


Ali-ali dhik kembang kuningan

Dilali-lali malah tambah kelingan

Manuk gemak mencok neng witing sawo

Bareng penak yo mas yo jo ngona ojo ngono


Ting-anting mbang cempaka

Tanda mata uga tanda tresna

Ling-eling dhek semana

Yen ra nyandhing rasane neng ati gela











Bengawan Sore





Neng pinggiring bengawan

Tansah setya ngenteni sliramu

Eling-eling jamane semana

Wus ndungkap pitung ketiga


Neng pinggiring bengawan

Saben-saben mung tansah kelingan

Wus prasetya ing janji

Ing lahir terusing ati


Sanadyan kaya ngapa….

Manungsa….mung bisa ngreka lan njangka

Gusti kang paring idi lan pesthi

Kita sak derma nglampahi


Neng pinggiring bengawan

Wayah sore tansaya kelingan

Gawang-gawang esemmu cah ayu

Gawe sedhihing atiku








Ketaman Asmara





Saben wayah lingsir wengi

Mripat iki ora bisa turu

Tansah kelingan sliramu

Wong ayu kang dadi pepujanku


Gela rasaning atiku

Arep sambat nanging karo sapa

Nyatane ora kuwawa

Ngrasakke atiku sing saya nelangsa


Wis tak lali-lali

Malah sangsaya kelingan

Nganti tekan mbesuk kapan

Anggonku mendhem ora bisa turu


Apa iki sing jenenge

Wong kang lagi ketaman asmara

Rasane tresna ra bisa lali

Esuk awan bengi tansah mbeda ati








Mawar Biru






 



Tumetesing waspaku

Ora tega rasaning atiku

Ninggalake…sliramu

Priya idhamanku


Tansah katon esemmu

Ngawe-awe rasaning atiku

Ngelingake…

Nalika bareng mlaku-mlaku


Ora nyana ora tega, yen ngene dadine

Aku kudu melu,

Ndherek’ake rama lan ibuku

Mulih nyang ndesaku


Wekasan mung welingku

Aku nitip kembang mawar biru

Openana minangka tandha katresnanku








Ngalamuning Ati





Yen tak rasa,

Ra kuwasa rasa jroning ati

Tansah kelingan kembanging netra

Nggodha aku rina wengi


Pancen nyata

Yen si rupa ora mitayani

Nanging aku wis kebacut tresna

Angel nggonku angoncati


Pamujiku

mbok bisa-a katekan setyamu

Katresnanku…..Ditimbangi……

Tresna kang satuhu


Kaya ngapa,

Iba bungah rasa jroning ati

Katekan setyaku tanpa aral

Begja nggonku urip iki








Ngimpi  





Sripat sripit

lembehane mrak kesimping

Gandhes luwes wiragane anglamlami..

Sedhet singset

besus angadi busana

Dhasar ayu maksih kenya tan kuciwa


Dak caketi

adhuh mesem sepet madu

Nora sronto tak gandheng malah gumuyu

Katon bungah

kenya kang pindha hapsari..

Kuciwane kabeh mau.. amung ngimpi….








Minggat





Sri kapan kowe bali

Kowe lunga ora pamit aku

Jarene neng pasar pamit tuku trasi

Nganti saiki kowe durung bali


Sri apa kowe lali

Janjine sehidup semati

Aku ora nyono kowe arep ngono

Lara atiku atiku lara


Ndang baliya Sri, ndang baliya

Aku lara mikir kowe ana ing ngendi

Ndang baliya Sri, ndang baliya…

Tega temen kowe minggat ninggalke aku


Yen pancene Sri

Kowe eling aku

Ndang baliya

Aku kangen setengah mati








Bagus Adhine


Aku bingung pilih endi


Bocah lora sarwa edi peni


Siji kakang siji adhi


Kabeh bagus gus…bagus gus….bagus….


Gawe bingung atiku





Cah loro padha gagahe


Yen sinawang kabeh nyenengake


Mesthine ana bedane


Yen kon milih lih….milih lih….. milih….


Aku milih adhine





Tuku jagung neng sar Legi


Aku bingung pilih endi


Kebacut luguning ati


Tuku kerdhus neng sar Gedhe


Sing bagus bagus adhine


Sing ngganteng ngganteng kangmase





Tuku jagung neng sar Legi


Aku bingung pilih endi


Kebacut luguning ati


Tuku kerdhus neng sar Gedhe


Sing bagus bagus adhine


Sing ngganteng ngganteng kangmase





Layang Kangen





Layangmu tak tampa wingi iki


Wis tak waca apa karepe atimu


Trenyuh ati iki maca tulisanmu


Ra krasa netes eluh neng pipiku


Umpama tanganku dadi swiwi


Iku uga aku mesthi enggal bali


Ning kepiye maneh marga kahananku


Cah ayu entenono tekaku


Ra maido sapa wong sing ora kangen


Adoh bojo pengin turu angel merem


Ra maido sapa wong sing ora trenyuh


Ra kepethuk sawetara pengin weruh


Percaya..a  aku kuatno atimu


Cah ayu ngentenana tekaku





Sewu Kutha





Sewu kutha uwis tak liwati

Sewu ati tak takoni

Nanging kabeh padha ra ngerteni

Lungamu neng ngendi


Pirang tahun

anggonku nggoleki

Seprene

durung bisa nemoni


Wis tak coba nglalekake

Jenengmu saka atiku

Satenane aku ora ngapusi

Isih tresna sliramu


Umpamane kowe uwis mulya

Lila aku lila

Yo mung siji dadi panyuwunku

Aku pengin ketemu


Senadyan wektu mung sedhela

Tak nggo tamba kangen jroning dhadha


Senadyan sakedheping mata

Tak nggo tamba kangen jroning dhadha





Setasiun Balapan





Neng stasiun Balapan

Kutha solo sing dadi kenangan

Kowe karo aku

Nalika ngeterke lungamu


Neng stasiun Balapan

Rasane kaya wong kelangan

Kowe ninggal aku

Ra krasa netes eluh neng pipiku


Dhaa… Dhadha sayang

Dha… Slamat jalan


Janji lunga mung sedhela

Jare sewulan ra ana

Pamitmu nalika smana

Neng stasiun Balapan Solo


Jare lunga mung sedela

Malah tanpa kirim warta

Lali apa pancen nglali

Yen eling mbok enggal bali





Blitar





Blitar kutha cilik sing kawentar

Edi peni gunung Kelud sing ngayomi

Blitar jaman Jepang nate gempar

Peta brontak sing dipimpin Supriyadi


Blitar nyimpen awune sang Nata

Majapahit eneng candhi Penataran

Blitar nyimpen layone Bung Karno

Proklamator lan presiden kang kapisan


Ana crita jare patih Gajahmada

Ingkang bisa nyawijekke nuswantara

Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka

Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula


Ora mokal Blitar dadi kembang lambe

Ora mokal akeh sing padha nyatakke

Yen ta geni ngurubake semangate

Yen ta banyu nukulake patriote





Setya Tuhu





Aku kang setya satuhu,


Wit biyen nganti saiki


Bebasane…. peteng kapapak obor sumunar


Andika pangayomanku,


Lahir batin ku wis nyata


Mung sajake… andika semune kurang rena


Tandha yekti, paseksene rikalane


Ngangkat awrat….. Mlampah tebih datan lesu …..


Mugyantuk berkahing widi


Andika mung tansah lipat


Payuwunku setya kula tansah anglam-lami








Bengawan Sore





Ning pinggiring bengawan


Tansah setyo ngenteni sliramu


Eling-eling jamane semono


Wis ndungkap pitung ketigo





Ning pinggiring bengawan


Saben-saben mung tansah kelingan


Wus prasetyo ing janji kang suci


Ing lahir terusing ati





Senajan koyo ngopo manungso


Mung biso ngreko lan njangka


Gusti kang paring idi lan pesti


Kito sak dermo nglampahi





Ning pinggiring bengawan


Wayah sore


Tan saya kelingan


Gawang-gawang esemu, cah ayu


Gawe sedihing atiku





Putri Solo





Putri solo, ayune keporo nyoto


Pancen pinter alelewo


Dasar putrid solo


Nganggo selendang pelangi


Sumampir ono pundaki


Cunduke kembang melati


Dadi lan pantese





Melakune koyo macan luwe


Sandal jepit penganggone


Kiyet-kiyet swarane


Kelap kelip yo suwenge


Dasar, putrid solo…..





Putri solo


Yen, ngguyu dekik pipine


Ireng manis kulitane


Dasar putri solo








Kencono Katon Wingko





Ora koyo dek semono


Katresnanmu pancen nyoto


Anane mung tansah ngalembono


Ora nate gawe gelo





Mulo aku yo nimbangi


Tuhu tresno sarto bekti


Tresnaku ora mung ono lati


Nanging saterusing ati





Opo boyo darurane saiki mung lamis wae


Katon yen wis oran nggape


Sak solahe mung tansah ngece…


Aduh gek kepriye…





Tak rewangi loro lopo


Naqnging yekti tanpo guno


Pancen sliramu wis ora tresno


Kencono mung katon wingko








Ali-ali





Ngagemo ali-aliku pamprihe


Ojo lali marang aku


Nadyan kulo mboten melu, mbesuke


Ngelingono lelabetku


Lamun embane saloko, emane


Mung tansah ndamel cuwo


Niki embane kencono pamrihe


Tansah manggiho raharjo


Yen nganti ilang mripate


Jarene nemahi rubedo


Yen nganti di nggo wong seje, mbesuke


Wis mongso bodo,a


Pilihanku mripat biru, pamprihe


Mrih sulistyo ingkang warni


Yen takon isi atiku mbesuke


Mirsanono ali-ali











Rondo Kempling






 



Ndak pundi Mbak Ayu

bade tindak pundi?

kadingaren tindak wae

ora numpak taksi



Dewean opo ora wedi?

Timbang nganggur

kulo gelem ngancani


Kleresan mas alias kebetulan

blanjane kathah rada kabotan

Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi

tekan omah mangke kulo opahi


Ee… Tobil wong Legan golek momongan

Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?


Ampun gelo mas

sampean ampun kuciwo

kulo rondo anyaran ditinggal lungo


Awan-awan lungo blonjo

ning pasar pahing wing-wing…

Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…


Ning Semarang Mas..

Tuku gelang karo anting-anting

Jo sumelang yo ben rondo

dijamin kempling..


Kempling lho mas….








Ojo Lamis






 



Ojo sok gampang

janji wong manis

yen to amung lamis

Becik aluwung prasojo nimas

ora agawe cuwo


Tansah ngugemi

tresnamu wingi

jebul amung lamis

koyo ngenteni thukuling jamur

ing mongso ketigo


Aku iki prasasat

loro tan antuk jampi

mbok ojo amung lamis

kang uwis dadine banjur didis


Akeh tulodo kang demen cidro

Uripe rekoso

milih sawiji ngendi kang suci

tanggung biso mukti








LUNGITING ASMORO





Sprene nggonku ngenteni.. janji


Iku prasetyane ati


Aku trisno mring sliramu


bocah ayu


Ra eling dino lan wektu





Ing ati katon rabiso ilang


Soyo suwe soyo rakaruwan


Nadyan mung tansah anggadang


Aku sabar yen sliramu rakelingan





Wong ayu tak anti-anti


Jo pijer smoyo ae


Aku trisno karo kowe


Tegane atimu, soyo gawe loro


Iku ra prayoga





Aku ora bakal mundur


Aku ora bakal mlayu


Yen durung nyanding sliramu


Ukurane trisno


dudu bondo


Nanging lungiting asmoro











Kepranan





Kepranan jroning atiku

nalikane pisanan ketemu

Dasar prio kang sembodo(wanito sulistyo)

wicaksono lan lego ing karya Kepranan solah bawamu

nyoto lantip wasising wicoro

Wirogo sarto wiroko

nyoto ndiko prio kang sembodo(kenyo kang sulistyo)

Jroning batin tuwuh roso tresno

kang soyo ngremboko

Rino kelawan wengi

tresnamu tak anti anti

wong bagus(ayu) tak impi impi

Soko sorote nitramu

yen ra selak sak jroning batinmu

Ora luput anggrahitaku

ono tresno sak jroning atiku

by : NN





Mehrahino






[Bowo]

Ayo rowang hangayahi kardi

Nora kendhat pembanguning deso

Binudi murih becike

Supoyo tansah maju

Ngupokoro karang lan kitri

Guyup rukun tumandhang

Asengkut gumregut

Temah dadiyo toto harjo handayani

Murah sandang pangan yekti

Jro kutho deso-deso
[Langgam]

Wus mehrahino

Sumirate ing wetan prenahe

Poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe

Amanggul pacul garu luku anggeret kebone

Andelidir ngelur sulur ndadak ono pedhot’e

Gliyak gliyak

Anggliyak tansah rame ing gawe

sesambene tetembangan laras lelagone

Laras lelagone

Mungguh pedahe wanci ngundhuh

tikel pametune

Subur makmur

murah sandang pangan wekasane










Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari

Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari Lirik Langgam Campursari