KAWRUH LAN KERATA BASA
Kerata basa
Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung. Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok kenging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana dipun kinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.
Tuladha:
Bapak = bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman).
Batur = embat-embataning tutur.
Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah.
Brekat = mak breg diangkat.
Cangkir = dianggo nyancang pikir.
Cengkir = kencenging pikir.
Copet = ngaco karo mepet-mepet.
Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu).
Desember= gedhe-gedhene sumber.
Garwa = sigaraning nyawa.
Gedhang = digeget leh bar madhang.
Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk.
Gerang = segere wis arang.
Guru = digugu lan ditiru.
Gusti = bagusing ati.
Kaji = tekade mung siji(ngantebi panembahe marang Gusti Allah).
Kathok = diangkat sithok-sithok.
Kodhok = teka-teka ndhodhok.
Krikil = keri ing sikil.
Kuping = kaku njepiping.
Kupluk = kaku nyempluk.
Kursi = yen diungkurake banjur isi.
Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug.
Maling = njupuk amale wong sing ora eling.
Mantu = dieman-eman meksa metu.
Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan.
Saru = kasar tur kleru.
Sekuter = sambi sedheku mlaku banter.
Sepuh = sabdane ampuh.
Simah = isining omah.
Sirah = isining rah.
Siti = isi bulu bekti.
Sopir = yen ngaso mampir (ing warung).
Sruwal = saru yen nganti uwal.
Tandur = nata karo mundur.
Tapa = tatane kaya wong papa.
Tarub = ditata dimen murub.
Tebu = antebing kalbu.
Tepas = titip napas.
Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wis rowa.
Wanita = wani mranata.
Wedang = dianggo gawe kadang.
Weteng = ruwet tur peteng.
KAMUS BAHASA JAWA PARIBASAN
A
1. Adhang-adhang tetesé embun = Njagakaké barang mung sak olèh olèhé
2. Adigang, adigung, adiguna = Ngendelaké kakuwatané, kaluhurané lan kapinterané
3. Aji godhong garing = Wis ora ana ajiné/asor banget
4. Ana catur mungkur = Ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik
5. Ana daulaté ora ana begjané = Arep nemu kabegjan, ning ora sida.
6. Ana gula ana semut = Panggonan sing akèh rejekiné, mesti akèh sing nekani.
7. Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahé anak dadi tanggungané wong tuwa.
8. Anggenthong umos = Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
9. Angon mangsa = Golèk waktu kang prayogo kanggo tumindak.
10. Angon ulat ngumbar tangan = Ngulataké kaanan yen limpe banjur dicolong.
11. Anjajah desa milang kori = Wong kang lelungan menyang ngendi-ngendi
12. Ambalithukkhukum = Wong kang pagaweane ngapusi
13. Ambidhung api rowang = Wong kang nduweni maksud jahat nanging ngaku dadi kancane.
14. Arep jamuré emoh watangé = Gelem kepenaké ora gelem rekasané.
15. Asu rebutan balung = Rebutan barang kang sepélé.
16. Asu belang kalung wang = Wong asor nanging sugih.
17. Asu gedhé menang kerahé = Wong kang dhuwur pangkate, mesthi baé luwih gedhé panguwasan
18. Asu marani gebuk = Njarag marani bebaya.
19. Ati béngkong oleh oncong = Wong duwé niyat ala oléh dalan
B
20. Baladéwa ilang gapité = Ilang kakuwatané/kaluhurané
21. Banyu pinerang = Ngibarate pasulayané sedulur mesthi enggal pulihe
22. Banyu pinerang ora bakal pedhot = Pasulayané sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.
23. Bathang lelaku = Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbebayani.
24. Blaba wuda = Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.
25. Bebek mungsuh mliwis = Wang pinter mungsuh padha wong pinter.
26. Becik ketitik ala ketara = Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine.
27. Belo melu seton = Manut grubyuk ora ngerti karepe.
28. Beras wutah arang bali menyang takere = Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
29. mBidhung api rowang = Ethok-éthok nulung nanging sejatiné arep ngrusuhi.
30. Blilu tau pinter durung nglakoni = Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.
31. Bubuk oleh leng = Wong duwe niyat ala olèh dalan.
32. Bung pring petung = Bocah kang longgor (gelis gedhe).
33. Buntel kadut, ora kinang ora udut = Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut/rokok.
34. mBuru uceng kelangan dheleg = Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe.
35. Busuk ketekuk, pinter keblinger = Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
C
36. Carang canthel = Ora diajak guneman nanging mèlu—mèlu ngrembug
37. Car-cor kaya kurang janganan = Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.
38. Cathok gawèl = Seneng cawe cawe mesthi ora diajak guneman.
39. Cebol nggayuh lintang = Kekarepan kang mokal bakal kelakon.
40. Cecak nguntal cagak = Gegayuhan kang ora imbang kekuwatan.
41. Cedhak celeng bolote = Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
42. Cedhak kebo gupak = Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
43. Ciri wanci lelai ginawa mati = Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
44. Cincing-cincing meksa klebus = Karep ngirid nanging malah entek akèh.
45. Criwis cawis = Seneng maido nanging yo seneng mènèhi/muruki.
46. Cuplak andheng – andheng yen ora pernah panggonan bakal disingkirake = Wong kang njalari ala becik disingkirake
D
47. Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut = Wis ora gelem nyanak / sapa aruh
48. Dahwen ati open = Nacad nanging mbenerake wong liya.
49. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = Ala diunèkaké becik, becik diunekake ala.
50. Desa mawa cara, negara mawa tata = Saben panggonan duwe cara utawa adat dhéwe dhewe.
51. Dhemit ora nduilt, sétan ora doyan = Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi.
52. Digarokake dilukokake = Dikongkon nyambut gawe abot.
53. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat = Wong kang kenceng karepe, ora kena dipenggah manèh.
54. Diwenehi ati ngrogoh rempela = Wis diwènehi sethithik, malah njaluk kang akeh.
55. Dom sumurup ing banyu = Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi.
56. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kélangan = Senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani.
57. Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga winga = Wong kang nesu banget.
58. Dudutan lan anculan = Padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
59. Durjana mati raga = Wong kang nduweni tekad mati.
60. Durung ilang pupak lempuyange = Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti apa-apa.
61. Durung pecus keselak besus = Durung sembada nanging kepingin sing ora-ora
E
62. Eman eman ora keduman = Karep eman malah awake dhewe ora keduman
63. Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil
64. Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil
65. Embat embat celarat = Wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
66. Emprit abuntut bedhug = Perkara sing maune sepele dadi gedhe.
67. Endhas gundhul dikepeti = Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
68. Endhas péthak ketiban empyak = Wong kang bola-bali nemu cilaka.
69. Enggon welut didoli udhet = Panggone wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sepirowa.
70. Entek ngamek kurang golek = Olehe, nguneni/nyeneni sakatoge
71. Entek jarake = Wis entek kasugihane
72. Esuk dhele sore tempe = Wong kang ora tetep atine (mencla – menclé).
G
73. Gajah alingan suket teki. = Lair lan batine ora padha, mesti bakal ketara
74. (ng) Gajah elar = Sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane
75. Gajah ngidak rapah = Nrajang wewaler dhewe
76. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = Wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban
77. Garang garing = Wong semugih nanging sejatine kekurangan
78. Gawe luwangan nggo ngurugi luwangan = Golek utangan kanggo nayur utang sing dhisik
79. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh nggayuh luput = Samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan
80. G1iyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh = Senajan alon-alon anggoné tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane
81. Golek banyu bening = Meguru golèk kawruh sing becik
82. Golek-golek ketemu wong luru-luru = Karepe arep golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang)
83. Gupak puluté ora mangan nangkane = Mèlu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepénak
I
84. Idu didilat maneh = Murungake janji sing wis diucapaké
85. Iwak lumebu wuwu = Wong kena apus kanthi gampang
J
86. (n) Jagakaké endhogé si blorok = Njagakake barang kang durung mesti ana lan orané
87. (n) Jajah désa milang kori = Lelungan menyang endi-endi
88. Jalma angkara mati murka = Nemoni cilaka jalaran angkara murkané
89. (n) Jalukan ora wèwehan = Seneng njaluk ora gelem mènèhi.
90. Jati ketlusupan ruyung = Kumpulané wong becik klebon wong ala.
91. Jaran kerubuhan empyak = Wong wis kanji (kapok) banget
92. Jarit lawas ing sampiran = Duwé kapinteran nanging ora digunakaké
93. Jer basuki mawa béa = Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat
94. (n) Jujul muwul = Prakara kang nambah-nambahi rekasa
95. (n) Junjung ngentebaké = Ngalembana nanging duwe niyat ngasoraké.
K
96. Kacang ora ninggal lanjaran = Kabiasane anak niru wong tuwané
97. Kadang konang = Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih
98. Kalah cacak menang cacak = Samubarang penggawéyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané
99. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = Wong sing ora duwé papan panggona
100. Katépang ngrangsang gunung = Kagedhen karep/panjangka mokal bisa kelakon.
101. Katon kaya cempaka sawakul = Tansah disenengi wong akeh
102. Kaya banyu karo lenga = Wong kang ora bisa rukun
103. Kakèhan gludhug kuraug udan = Akèh omongé ora ana nyatané
104. Kebanjiran segara madu = Nemu kabegjan kang gedhe banget
105. Kebat kliwat, gancang pincang = Tumindak kesusu mesthi ora kebeneran
106. Kebo bule mati sétra = Wong pinter ning ora ana sing merlokaké
107. Kebo ilang tombok kandhang = Wis kelangan ngetokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan
108. Kebo kabotan sungu = Rekasa merga kakèhan anak
109. Kebo lumumpat ing palang = Ngadili prakara ora nganggo waton
110. Kebo mulih menyang kandhangé = Wong lunga adoh bali menyang omah manèh
111. Kebo nusu gudel = Wong tuwa jaluk wuruk wong enom
112. Kegedhen empyak kurang cagak = Kegedhen kakerepan nanging kurang sembada
113. Kajugrugan gunung menyan = Oleh kabegjan kang gedhé banget
114. Kekudhung welulang macan = Ngapusi nggawe jeneng wong kang diwedeni
115. Kelacak kepathak = Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn
116. Kena iwake aja nganti butheg banyune = Sing dikarepake kelakon ning aja nganti gawe rusak/ramé
117. Kencana katon wingka = Senajan apik nanging ora diseneng
118. Kendel ngringkel, dhadhag ora godak = Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho
119. Kenès ora ethes = Wong sugih umuk nanging bodho
120. Keplok ora tombok = Wong senengané maido thok, ora gelem mélu cawe-cawe
121. Kére munggah bale = Batur dipek bojo karo bendaran
122. Kere nemoni malem = Wong kang bedhighasan / serakah.
123. Kerot ora duwe untu = Duwe kekarepan ning ora duwé bandha/ wragat
124. Kerubuhan gunung = Wong nemoni kesusahan sing gedhé banget
125. Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang = Oleh cilaka sing ora dinyana nyana
126. Ketula-tula ketali = Wong kang tansah nandhang sengsara
127. Kethek saranggon = Kumpulan wong kang tindak ala
128. Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = Wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep
129. Klenthing wadah masin = Angel ninggalake pakulinan tumindak ala
130. Kongsi jambul wanen = Nganti tumekan tuwa banget
131. Krokot ing galeng = Wong kang mlarat banget
132. Kriwikan dadi grojogan = Prakara kang maune cilik dadi gedhe
133. Kumenthus ora pecus. = Seneng umuk nanging ora sembada
134. Kurung munggah lumbung = Wong asor /cilik didadèkake wong gedhe
135. Kuthuk nggendhong kemiri = Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani
136. Kutuk rnarani sunduk ula marani gepuk = Njarag marani bebaya
137. Kuncung nganti temeka gelung = Suwe banget anggone entèni.
L
138. Ladak kecangklak = Wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
139. Lahang karoban manis = Rupane bagus/ayu tur luhur bebudène
140. Lambe satumang kari semerang = Dituturi bola-bali meksa ora digugu
141. Lanang kemangi = Wong lanang kang jirèh
142. Legan golek momongan = Wis kepenak malah golèk rekasa
143. Lumpuh ngideri jagad = Duwe kekarepan kang mokal keturutan.
M
144. Maju tatu mundur ajur = Prakara kang sarwa pakéwuh
145. Matang tuna numbak luput = Tansah luput kabèh panggayuhané
146. Mbuang tilas = Ethok-éthok ora ngerti marang tumindaké kang ala sing lagi dilakoni
147. Meneng widara uleran = Katon anteng nanging sejatiné ala atine
148. Mentung koja kena sembaginé = Rumangsané ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
149. Merangi tatal = Mentahi rembug kang wis mateng
150. Mikul dhuwur mendhem jero = Bisa njunjung drajat wog tuwa
151. Milih-milihh tebu oleh boleng = Kakèhan milih, wekasan olèh kang ora becik
152. Mrojol selaning garu = Wong kang luput saka bebaya
153. Mubra-mubru mblabar madu = Wong sing sarwa kecukupan.
N
154. Nabok nyilih tangan = Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
155. Ngagar metu kawul = Ngojok-ngojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
156. Ngajari bebek nglangi = Penggaweyan sing ora ana padahe
157. Ngalasake negara = Wong sing ora manut pranatan negara
158. Ngalem legining gula = Ngalembana kapinteran wang kang pancèn pinter/sugih
159. Ngaturake kidang lumayu = Ngaturak barang kang wis ora ana
160. Nglungguhi klasa gumelar = Nindakak panggaweyan kang wis tumata.
161. Ngontragake gunung = Wong cilik asor bisa nga1ahake wong luhur/ gedhe, nganti gawe kagèt wong akèh
162. Nguthik-uthik macan dhedhe = Njaragwongkangwis lilih nepsune
163. Nguyahi segara = Weweh marangwong sugih kang ora ana pituwase
164. Nucuk ngiberake = Wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat
165. Nulung menthung = Wong kang nulung malah nggawe rekasa dhewe.
166. Nututi layangan pedhot = Nggolèki barang sepele sing wis ilang
167. Nyangoni kawula minggat = Ndandani barang kang tansah rusak
168. Nyolong pethek = Tansah mlèsèt saka pamèthèke/pambatang.
O
169. Obah ngarep kobet mburi = Tumindaké panggedhé dadi contoné/ panutané kawula alit.
170. Opor bebek, mentas awake dhewek = Rampung saka rekadayane dhéwé
171. Ora ana banyu mili menduwur = Wataké anak biasané niru wong tuwané
172. Ora ana kukus tanpa geni = Ora ana akibat tanpa sebab
173. Ora gonja ora unus = Wong kang ala rupane uga atine
174. Ora narima ing pandum = Ora puas apa kang diduweni.
175. Ora mambu enthong irus = Dudu sanak dudu kadang
176. Ora tembung ora tawung = Nupuk barange liyan tanpa kandha dhisik
177. Ora uwur ora sembur = Ora gelem cawe-cawe babar pisan
178. Ora kinang ora udut = Ora mangan apa-apa
179. Othak athik didudut angel = Guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebul angel.
P
180. Palang mangan tandur = Diwenehi kepercayan nanging malah gawe kapitunan
181. Pandengan karo srengenge = Memungsuhan karo panguwasa
182. Panditane antake = Laire katon suci batine ala.
183. Pecruk tunggu bara = Dipasrahi barang kang dadi kesenengane.
184. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasan malah ngentek-enteki
185. Pupur sadurung benjut = Ngati-ati mumpung durung cilaka.
R
186. Rampek rampek kethek = Nyedhak- nyedhak mung arep gawe kapitunan.
187. Rawer-rawe rantas, malang-malang putung = Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkirake.
188. Rebut balung tanpa isi = Pasulayan merga barang kang sepele.
189. Rindik asu digitik = Dikongkon Nindakaké(penggaweyan kang cocok karo kekarepane.
190. Rupa nggendong rega = Marga barang apik mula regane ya larang.
191. Rukun agawé santosa, crah agawé bubrah = Yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesti bakal bubrah rusak
S
192. Sabar sareh mesti bakal pikoleh = Tumindak samubarang aja kesusu.
193. Sabaya pati, sabaya mukti = Kerukunan kang nganti tekan pati.
194. Sadumuk bathuk, sanyari bumi= Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
195. Sandhing kebo gupak = Cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
196. Sapa salah saleh = Sapa sing salah bakal konangan
197. Satru mungging cangklakan = Mungsuh wong kang isih sanak sadulur.
198. Sedhakep awé-awé = Wis ninggalake Tumindak ala. nanging ing batin isih kepingin nglakoni maneh.
199. Sembur-sembur adus, siram-siram bayem = Bisa kaleksanan marga oleh pandongàné wong akèh
200. Sepi ing pamrih, ramé ing gawe = Nindakake panggaweyan kanthi ora duwé kamélikan apa-apa.
201. Sigar semangka = Mbagi kanthi adil
202. Sing sapa salah bakal seleh = Sapa sing salah bakal konangan.
203. Sluman slumun slamet = Senajan kurang ngati-ati. nanging isih diparingi slamet
204. Sumur lumaku tinimba, Gong lumaku tinabuh = Wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.
T
205. Tebu tuwuh socane = Prakara kang wis apik, bubrah marga ana kang durung mesthi salah lan benere.
206. Tega larane ora tega patine = Senadyan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.
207. Tekek mati ing ulone = Nemoni cilaka marga saka guneme dhewe.
208. Timun jinara = Prakara gampang banget
209. Timun mungsuh duren = Wong cilik mungsuh pànguwasa, mesthi kalah
210. Timun wungkuk jaga imbuh = Wong bodho kanggone mung yen kekurangan baé
211. Tinggal glanggang colong playu = Ninggalaké papan pasulayan
212. Tulung menthung = Katoné nulungi, jebulé malah ngrusuhi
213. Tumbak cucukan = Wong sing seneng adu-adu
214. Tuna sathak bathi sanak = Rugi bandha, nanging bathi pasaduluran
215. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = Prakara ala ngambra ambra, prakara becik kari sathithik
216. Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara = Khabar kang durung mesthi salah lan benere
U
217. Ucul saka kudangan = Luput karo gegayuhane
218. Ulat madhep ati manteb = Wis manteb banget kekarepané
219. Undaking pawarta, sudaning kiriman = Biasané pawarta iku béda karo kanyatakane
220. Ungak-ungak pager arang = Ngisin isini.
W
221. Weding ing wayangane dhewe = Wong sing ala, rumasa wedi yen konangan alane.
222. Wedi rai wani silit = Wedi ning ngarepe, nanging wani ing burine
223. Welas tanpa alis = Karepe welas nanging malah gawé kapitunan.
224. Wis kebak sundukané = Wis akèh banget kaluputané.
225. Wiwit kuncung nganti gelung = Wiwit cilik nganti gedhé/tuwa.
226. Wong busuk ketekuk = Wong kang bodho mesthi nemu cilaka.
Y
227. Yitna yuwana mati ina = Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
228. Yiyidan mungging rampadan. = Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim
229. Yoga anyangga yogi = Murid nirokaké piwulangé guru.
230. Yuwana mati lena = Wong becik oleh cilaka, marga kurang ati-ati.
231. Yuyu rumpung mbarong ronge = Omahé magrong-magrong nanging sejatiné mlarat

- Adigang, adigung, adiguna – Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
- Bathok bolu isi madu – Wong asor nanging sugih kapinteran.
- Becik ketitik ala ketara – becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
- Dhemit ora ndulit, setan ora doyan – Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
- Emban cindhé emban siladan – Pilih kasih ora adil
- Enggon welut didoli udhet – Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
- Gupak puluté ora mangan nangkané – Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
- Jer Basuki mawa béa – Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
- Kacang ora ninggal lanjaran – Anak niru wong tuwané
- Kaya banyu karo lenga – Wong kang ora bisa rukun
- Kebo nusu gudél – wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
- Kegedhen empyak kurang cagak – Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
- Kuthuk marani sunduk – Ula marani gepuk — Marani bebaya
- Maju tatu mundur ajur – Prakara kang sarwa pakéwuh
- Nabok Nyilih tangan – Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
- Pupur sakdurungé benjut – Ngati ati mumpung durung cilaka
- Sapa Sing salah bakal séléh – Sapa sing salah bakal konangan
- Tumbak cucukan – Wong kang seneng adu-adu
- Tulung Menthung – ditulungi malah ngrusuhi
- Wiwit kuncung nganti gelung – Wiwit cilik nganti tuwa
- Yuyu rumpung mbarong rongé – Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat
PARIKAN GUYONAN JOWO
*Menawi priyantun Jawi, kolo rumiyen mesti asring midanget parikan meniko.*
Wajik kletik
gulane jowo,
wulune sitik
barange dowo
(sikat gigi)
Dientup tawon
kemeng rasane
dibukak mawon
ben ketok apem-e.
(bancakan)
Ana semut
neng nduwure uyah
lambene ngemut
tangane nggrayah.
(wong nyuling)
Weruh wong gemblung
marai mules
nduwur diambung
kok ngisore teles.
(nggendong bayi ngompol)
Neng sawah
nebang tebu
nek ora mlumah
ora isa mlebu
(nganggo sandal)
Trek gandeng
amote tebu
nek ora dijembreng
ora mlebu mlebu.
(nganggo kaos kaki)
Sega gurih
lawuhe sate usus
pertamane perih
maringono bludas bludus.
(tindikan kuping )
Pring gading
cagak radio
karo njengking
ben tambah jero.
( macul )
Pitik walik
nguntal watu,
wis nganggo gaya molak-malik
kok ora metu-metu
( ngutik celengan)
Pring gading
nggo sunduk tahu
posisi njengking
ben cepet metu.
(nggusah tikus nyang ngisor amben)
Becik ketitik
olo rupamu,
digoyang sitik
ben cepet metu
(ngocok arisan )
Kue putu
diwadahi piring,
nek ra metu metu
jajal karo miring
( kuping kelebon banyu)
Awak kurus
dikiro mlarat,
dikocok terus
suwe suwe muncrat.
( coca-cola )
Ono marmut
lungguh nang dingklik,
rampung dimut
kok dadi cilik
( permen)
Tuku watu
udane deres
nek wes bar metu
neng awak lemes
(wong nglairke)
CANGKRIMAN
Ngrembug basa Jawa iku ora ana enteke.
Sansaya akeh sing dirembug, sansaya akeh sing kurang dingerteni.
Cangkriman, yaiku unen unen kang kudu dibadhe/dibatang (ditebak) isine.
Asale saka tembung "cangkrim" (teka teki).
Iku wae ing budaya Jawa, ana cacah 4 jinising cangkriman.
1. Cangkriman Wancahan.
Wancahan, cekakan (singkatan) yaiku kapirid saka wancahane tembung.
Tuladha =
Pak boletus.
{Tipak kebo lelene satus).
Ruk ndhul wati.
(Jeruk gumandhul disawati).
Gerbong tulis.
(Pagere kobong watune mendhelis).
Burnas kopen.
(Bubur panas kokopen).
Lly.
2. Cangkriman Blenderan.
Yaiku cangkriman srekalan, plesetan, (jebakan).
Tuladha =
Wong dodol klapa dikepruki.
(Sing dikepruki klapane).
Dikethok malah tambah dhuwur.
(Kathok dawa).
Dilebokne malah metu.
(Benik "kancing klambi").
Apa bedane wong wedok karo pit wedok.
(Bedane carane ngompa).
Apa bedane rok karo montor mabur.
(Bedane yen montor mabur sansaya dhuwur ora ketok, yen rok sansaya dhuwur sansaya ketok).
3. Cangkriman Pepindhan.
Yaiku bedhekan sing sairiban karo pitakone. Utawa uga lumrah diarani cangkriman irib-iriban.
Tuladha =
Pitik walik saba kebon.
(Nanas)
Pitik walik saba meja.
(Sulak "kemoceng").
Sega sakepel dirubung tinggi.
(Salak)
Durung mudhun yen durung nggawa mrica sekanthong.
(Kates).
Cilik nganggo jarik, yen wis gedhe malah wuda.
(Pring)
Diunggahne malah mudhun...diudhunke malah munggah... (Ngerek gendera)
Ngarêp irêng mburi irêng, sing têngah mêthênthêng. (Tiyang Mikul areng
Mbokne dielus-elus anake diidak-idak. (Tiyang menek andha)
Sing ndhuwur anthuk-anthuk, sing ngisor merem melèk. (Tiyang nggraji/ ngunduh gedang)
Kayu mati digubebed ula mati. (Gangsingan)
Kucing yèn dibuwang wulu lan sukune, bisa dadi panganan kang enak.
Apa to kuwi ? (Kacang)
4. Cangkriman Tembang.
Padatan manggon ana ing surasane tembang Pocung.
Tuladha=
Bapak pocung, cangkemu marep mendhuwur
Sabamu ing sendhang
Penclokanmu lambung kering.
Prapteng wisma si pocung mutah guwaya.
(Batangane ; klenthing)
Bapak pocung, gedhe dawa kaya dhadhung.
Sabamu ing kutha
Penclokanmu wesi miring
Teka lunga si Pocung ngumbar suwara.
(Batangane ; Sepur)
Lan isih akeh maneh lan ora bakal entek kang jenenge budaya Jawa, senajan disinau salawase urip.
Maturnuwun.
No comments:
Post a Comment