#Kawruh_Jawa 1 :
Copas saking fb. Basa Jawa Krama
I. #Araning_Anak_Uwong :
1. Ontang-anting ---> anak 1 lanang
2. Unting-unting ---> anak 1 wadon
3. Uger-uger lawang ---> anak loro
lanang kabeh
4. Kembang sepasang ---> anak loro
wadon kabeh
5. Cukit/cukil dulit ---> anak 3 lanang
kabeh
6. Gotong mayit ---> 3 wadon kabeh
7. Saramba ---> anak 4 lanang kabeh
8. Sarimpi ---> anaj 4 wadin kabeh
9. Pandhawa ---> anak 5 lanang kabeh
10. Pendhawi/Pancagati ---> anak 5
wadon kabeh
11. Kedhana-kedhini ---> anak 2 lanang,
wadon
12. Kedhini-kedhana ---> anak loro
wadon, lanang
13. Pancuran kapit sendhang ---> anak 3
, wadon, lanang,wadon
14. Sendhang kapit pancuran ---> anak 3
, lanang, wadon,lanang
15. Kéblat papat ---> anak 4 lanang,
wadon, lanang wadon
16. Sepasar ---> 5 lanang, wadon
17. Ipil-ipil/Pipilan ---> anak 5 lanang 1
18. Padangan ---> anak 5 wadon 1
19. Pandhawa nyandhangi ---> 6wadon 1
waruju
20. Kembar dhampit ---> anak 2 lanang
wadon lair bareng
21. Kembar ---> anak luwih saka 1 lair
bareng lanang wadon, lanang kabeh,
wadon kabeh
22. Grandhel ---> anak pirang-pirang
sing waruju wadon utawa suwaliké
23. Géndhong ---> anak lanang pirang-
pirang sing tengah wadon
24. Pathok ---> anak wadong pirang-
pirang, sing tengah lanang
25. Sumarak ---> anak pirang-pirang,
sing lanang luwih akeh
26. Gilir kacang ---> anak pirang-pirang,
gilir lanang wadon
27. Dhampit ---> kembar lanang wadon
28. Gondhang kasih ---> anak loro siji
bulé siji ireng
29. Kalung usus ---> anak lair kagubed
usus
30. Lumpat kidang ---> anak pirang-
pirang ora giliran lanang wadon
31. Anggana ---> anak pirang-pirang urip
siji
32. Pembarep ---> anak nomer 1
33. Panggulu ---> anak nomer 2
34. Pandhadha ---> anak nomet 3
35. Sumendhi ---> kakang wuragil
36. Waruju ---> wuragil
37. Panenggak ---> anak kabeh 5, sing
nomer 2
38. Panenggah/Panengah ---> anak
kabeh 5, sing nomer 3
39. Julung Caplok ---> bocah lair
bareng suruo srengéngé
40. Julung Kembang ---> bocah lair,
bareng pletheking srengéngé
41. Julung Sarab ---> bocah lair
ngarepaké surup srengéngé
42. Julung Sungsang ---> bocah lair
wayah bedhug awan
43. Jempina ---> bocah lair durung
wanciné
44. Margana ---> bocah lair pinuju ibuné
lelungan
45. Wahana ---> bocah lair pinuju ibuné
ing pasamuan
46. Wuyungan ---> bocah lair pinuju ana
perang/gegeran
47. Konduran ---> bocah lair, ibuné séda
48. Thok-thing ---> bocah lair sirahé cilik
49. Sumala ---> bocah lair cacat saka jero
50. Sungsang ---> bocah lair sikilé dhisik
51. Yatim ---> bocah lair, mung menangi
bapaké
52. Lola ---> bocah ora duwé rama biyung
-- wjg --
II. #Arané_Sebutan_Turun :
II. A : Urut saka anak turun mudhun :
1. Anak --- = ꦲꦤꦏ꧀
2. Putu --- = ꦥꦸꦠꦸ
3. Buyut --- = ꦧꦸꦪꦸꦠ꧀
4. Canggah --- = ꦕꦁꦒꦃ
5. Wareng --- = ꦮꦫꦺꦁ
6. Udheg-Udheg --- = ꦲꦸꦝꦼꦒ꧀ꦲꦸꦝꦼꦒ꧀
7. Gatung siwur --- = ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦱꦶꦮꦸꦂ
7. Gantung siwur --- = ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦱꦶꦮꦸꦂ
8. Gropak sénthé --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦛꦺ
9. Debog bosok --- = ꦢꦼꦧꦒ꧀ꦧꦺꦴꦢꦺꦴꦏ꧀
10. Galih asem --- = ꦒꦭꦶꦃꦲꦱꦼꦩ꧀
11. Gropak waton --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀
12. Cendhé --- = ꦕꦼꦤ꧀ꦝꦺ
13. Giye --- = ꦒꦶꦪꦺ
14. Cumple --- = ꦕꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼ
15. Ample --- = ꦲꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼ
16. Menyaman --- = ꦩꦼꦚꦩꦤ꧀
17. Menya-menya --- = ꦩꦼꦚꦩꦼꦚ
18. Trah-tumerah --- = ꦠꦼꦃꦠꦸꦩꦼꦫꦃ
-- wjg --
II. B. #Urut_Munggah :
1. Trah-tumerah --- = ꦠꦿꦃꦠꦸꦩꦼꦫꦃ
2. Menya-menya --- = ꦩꦼꦚꦩꦼꦚ
3. Menyaman --- = ꦩꦼꦚꦩꦤ꧀
4. Ample --- = ꦲꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼ
5. Cumple --- = ꦕꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼ
6. Giye --- = ꦒꦶꦪꦼ
7. Cendhe --- = ꦕꦼꦤ꧀ꦝꦼ
8. Gropak waton --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀
9. Galih asem --- = ꦒꦭꦶꦃꦲꦱꦼꦩ꧀
10. Debog bosok --- = ꦢꦼꦧꦺꦴꦒ꧀ꦧꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀
11. Gropak sénthé --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦛꦺ
12. Gantung suwur --- = ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦱꦶꦮꦸꦂ
13. Udheg-udheg --- = ꦗꦸꦝꦼꦒ꧀ꦲꦸꦝꦼꦒ꧀
14. Wareng --- = ꦮꦫꦺꦁ
15. Canggah --- = ꦕꦁꦒꦃ
16. Buyut --- = ꦧꦸꦪꦸꦠ꧀
17. Embah --- = ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦃ
18. Rama-Biyung --- = ꦫꦩꦧꦶꦪꦸꦁ
19. Anak --- = ꦲꦤꦏ꧀
-- wjg --
III. #Arané_Uwong :
1. Jaka ---> bocah lanang déwasa
durung rabi
2. Jaka lara ---> bojo kawitan
3. Jaka jebug ---> jaka tuwa
4. Dhudha ---> wong lanang wis ora
duwé bojo
5. Dhudha kembang ---> dhudha enom
ora duwé anak
6. Dhudha kawuk ---> dhudha tuwa
7. Dhudha bangsong ---> dhudha mlarat
anaké akeh
8. Dhudha kalung ---> dhudha duwé
anak wadon bisa ngopeni
9. Kaki-kaki ---> wong lanang tuwa
banget
10. Prawan ---> bocah wadon déwasa
durung rabi
11. Prawan sunthi ---> prawan kencur
12. Prawan gendor ---> prawan kasep
13. Randha ---> wong wadon wis ora
duwé bojo
14. Randha tanggung ---> randha enom
15. Randha kembag/wulanjar ---> randha
enom
durung duwé anak
16. Randha kisi ---> randha duwé anak
lanang
17. Randha kasihan ---> randha mlarat
anaké akeh
18. Randha keringan ---> randha sugih
19. Nini-nini ---> wong wadon tuwa
banget
20. Nyai/Nyi ---> wong wadon sing diajeni
-- wjg --
IV. #Prenahé_Sedulur :
1. Anak angkat ---> bocah liya sing
diakoni anak
2. Anak kuwalon ---> anak gawané bojo
3. Anak mantu ---> bojoné anak
4. Bapak/Ibu angkat ---> wong liya sing
ngakoni anak
5. Bapak kuwalon ---> bapak sambungan
6. Bésan ---> wong tuwané bapak/ibu
7. Budhé/bupuh/uwa ---> mbakyuné
bapak/ibu
8. Bulik/bibi ---> adhiné bapak/ibu
9. Ibu kuwalon ---> ibu sambungan
10. Ipé ---> seduluré bojo
11. Keponakan ---> anaké sedulur tuwa
12. Maratuwa ---> wong tuwané bojo
12. Misanan ---> sedulur tunggal embah
13. Mindhoan ---> sedulur tunggal buyut
15. Pakdhé ---> kakangé bapak/ibu
16. Paklik/paman ---> adhiné bapak
17. Plunan ---> anaké sedulur enom
18. Putu ---> anaké anak
19. Putu keponakan ---> anaké keponakan
20. Sadulur ---> tunggal bapak ibu
21. Sadulur asu ---> sadulur tunggal ibu
séjé bapak
22. Sadulur kuwalon ---> sadulur séjé
bapak tunggal ibu
23. Tunggal banyu ---> sadulur
tunggal guru
24. Tunggal welad ---> sadulur tunggal
bapak ibu
-- wjg --
V . #Arane_Anak_Kéwan :
1. Anak ampal ---> embung
2. Anak angrang ---> kroto
3. Anak asu ---> kirik
4. Anak ayam ---> kuthuk
5. Anak babi ---> gembluk/gemblak
6. Anak bandeng ---> nener
7. Anak bantheng ---> wareng
8. Anak banyak ---> blengur
9. Anak baya ---> rété/krété
10. Anak bebek ---> meri
11. Anak bethik ---> menter
12. Anak blanak ---> sendha
13. Anak brati ---> tongki
14. Anak budheng ---> kowé
15. Anak bulus ---> kethul
16. Anak cacing ---> lur
17. Anak cecak ---> sawiyah
18. Anak celeng ---> genjik
19. Anak coro ---> mendhet
20. Anak dara ---> piyik
21. Anak dhorang ---> tamper
22. Anak emprit ---> indhil
23. Anak gagak ---> engkak
24. Anak gaah ---> bledug
25. Anak gangsir ---> clondho
26. Anak garangan ---> rasé
27. Anak garengpung ---> drungkuk
28. Anak gemak ---> drigul
29. Anak glathik ---> cecrekan
30. Anak gundhik ---> laron + rayap
31. Anak iwak ---> béyong
32. Anak jangkrik ---> gendholo
33. Anak jaran ---> belo
34. Anak kadhal ---> tobil
35. Anak kakap ---> caplek
36. Anak kalajengking ---> ketupa
37. Anak kancil ---> kenthi
38. Anak kebo ---> gudel
39. Anak kecapung ---> jenthit
40. Anak kemagga ---> ceriwi
41. Anak kepik ---> mreki
42. Anak kidang ---> kompreng
43. Anak kimar ---> kédah
44. Anak kinjeng ---> senggrutu
45. Anak kinjeng dom ---> undur-undur
46. Anak kintel ---> kenthus
47. Anak kethek ---> munyuk
48. Anak kodhok ---> precil
49. Anak kombang ---> engkuk
50. Anak konang ---> éndrak
51. Anak kremi ---> racek
52. Anak kucing ---> cemeng
53. Anak kul/kéyong ---> krikik
54. Anak kupu ---> uler
55. Anak kura ---> laos
56. Anak kutuk ---> kotésan/béyongan
57. Anak kwangwung ---> gendhot
58. Anak laler ---> set/singgat
59. Anak lamuk ---> jenthik
60. Anak lawa ---> kampret
61. Anak lélé ---> jabrisan
62. Anak lemut ---> uget-uget
63. Anak lintah ---> pacet
64. Anak lisang ---> beles
65. Anak lodan ---> jengkélong
66. Anak lutung ---> kenyung
67. Anak luwak ---> kuwuk
68. Anak luwing ---> gonggo
69. Anak macan ---> gogor
70. Anak manuk ---> piyik
71. Anak menjangan ---> kompreng
72. Anak menthok ---> minthi/endhel
73. Anak merak ---> uncung
74. Anak nyambik ---> slira
75. Anak pitik ---> kuthuk
76. Anak pelus ---> sidhat
77. Anak pé ---> genyong
78. Anak pleting ---> jaringan
79. Anak sapi ---> pedhet
80. Anak sembilang ---> lenger
81. Anak singa ---> dibal
82. Anak tambra ---> bokol
83. Anak tawon ---> gana
84. Anak tekek ---> celolo
85. Anak tikus ---> cindhil
86. Anak tongkol ---> cengkik
87. Anak tuma ---> kor
88. Anak ula ---> kisi/ucet
89. Anak urang ---> grago
90. Anak wader ---> sriwet
91. Anak wagal ---> jendhil
92. Anak walang ---> dhogol
93. Anak warak ---> plencing
94. Anak wedhus ---> cempé
95. Anak welut ---> udhet
96. Anak yuyu ---> beyes.
-- wjg --
VI . #Arané_Godhong :
1. Godhong aren ---> dliring
2. Godhong asem ---> sinom
3. Godhong cocor bebek ---> tiba urip
4. Godhong dhadhap ---> tawa
5. Godhong gedhang enom ---> pupus
6. Godhong gedhang tuwa ---> ujungan
7. Godhong gedhang garing ---> klaras
8. Godhong gebang ---> kajang
9. Godhong jambé ---> pracat/dedel
10. Godhong jarak ---> bledheg
11. Godhong jarak kebo ---> lomah-lameh
12. Godhong jati ---> jompong
13. Godhong kacang brol ---> rendeng
14. Godhong kacang lanjaran --->
lembayung
15. Godhong kates ---> gampleng
16. Godhong kimpul/tales ---> lumbu
17. Godhong kecipir ---> cethethet
18. Godhong kélor ---> limaran/sapu jagat
19. Godhong kemladéyan ---> kumuda
20. Godhong kluwih ---> kléyang
21. Godhong krambil enom ---> janur
22. Godhong krambil tuwa ---> blarak
23. Godhong lempuyang ---> lirih
24. Godhong lombok ---> sabrang
25. Godhong mlinjo ---> eso
26. Godhong pari ---> damen
27. Godhong pring ---> elarmanyura
28. Godhong randhu ---> baladéwa
29. Godhong siwalan ---> lontar
30. Godhong tebu teles ---> momol
31. Godhong tebu garing ---> rapak
32. Godhong téla ---> jlégor
33. Godhong turi ---> pethuk
34. Godhong waluh ---> lomah-lameh
35. Godhong widara putih ---> trawas
36. Godhong wuni ---> mojar
-- wjg --
VII . #Arané_Kembang :
1. Kembang aren ---> dangu
2. Kembang blimbing ---> maya
3. Kembang blutru ---> montro
4. Kembang cengkeh ---> polong
5. Kembang cubung ---> torong
6. Kembang dhadhap ---> celung
7. Kembang duren ---> dlongop
8. Kembang ganyong ---> puspanyidra
9. Kembang garut ---> grameng
10. Kembang gebang ---> krandhing
11. Kembang gedhang ---> tuntut/ontong
12. Kembang gembili ---> seneng
13. Kembang jagung ---> sinuwun/jeprak
14. Kembang jambé ---> mayang
15. Kembang jambu ---> karuk
16. Kembang jarak ---> juwis
17. Kembang jati ---> janggleng/apa
18 . Kembang jéngkol ---> kecuwis
19 . Kembang kacang ---> besengut
20 . Kembang kanthil ---> gadhing
21 . Kembang kapas ---> kadi
22 . Kembang kara ---> kepek
23 . Kembang kecipir ---> cethethet
24 . Kembang kélor ---> limaran
25 . Kembang kemlandhingan --->
jedhidhing
26 . Kembang kencur ---> sedhet
27 . Kembang kimpul ---> pancal
28 . Kembang kluwih ---> ontel
29 . Kembang kopi ---> blanggreng
30 . Kembang krambil ---> manggar
31 . Kembang krokot ---> nakinik
32 . Kembang lamtara ---> jedhidhing
33 . Kembang lombok ---> menik
34 . Kembang mlinjo ---> uceng/kroto
35 . Kembang nangka ---> angkup
36 . Kembang nipah ---> dongong
37 . Kembabg pandhan ---> pudhak
38 . Kembang pacé ---> sarwenteh
39 . Kembang peté ---> pendul
49 . Kembang pohung ---> ingklik
41 . Kembang pring ---> krosak
42 . Kembang randhu ---> karuk
43 . Kembang salak ---> ketheker
44 . Kembang suruh ---> drenges
45 . Kembang tales ---> pancal
46 . Kembang tebu ---> gleges
47 . Kembang timun ---> montro
48 . Kembang widara putih ---> rejasa
-- wjg --
VIII. #Arané_Pentil :
01. Pentil asem ---> cempaluk
02. Pentil jagung ---> jaten/putren
03. Pentil jambé ---> bleber
04. Pentil jambu ---> karuk
05. Pentil kacang ---> besengut
06. Pentil krambil ---> bluluk
07. Pentil manggis ---> blibar
08. Pentil nangka ---> babal
09. Pentil pelem ---> pencit
10. Pentil randhu ---> plencing
11. Pentil semangka ---> plonco
12. Pentil mlinjo ---> kroto
13. Pentil timun ---> serit
-- wjg --
IX . #Arané_Uwoh :
1. Uwoh aren ---> kolang-kaling
2. Uwoh bengkowang ---> besusu
3. Uwoh cengkeh ---> polong
4. Uwoh gebang ---> krandhing
5. Uwoh gembili ---> katak
6. Uwoh jati ---> janggleng
7. Uwoh kanthil ---> gandhek
8. Uwoh kélor ---> klénthang
9. Uwoh kesambi ---> kecacil
10. Uwoh kluwek ---> pocung
11. Uwoh pandhan eri ---> padhaga
12. Uwoh so ---> mlinjo
13. Uwoh tal ---> siwalan
14. Uwoh turi ---> klénthang
15. Uwoh uwi ---> katak
16. Uwoh widara putih ---> anyang
-- wjg --
X . #Arané_Isi / Wiji :
1. Isi asem ---> klungsu
2. Isi cipir ---> botor
3. Isi duren ---> ponggé
4. Isi jambé ---> jebug
5. Isi kapas ---> wuku
6. Isi kates ---> trémpos
7. Isi kluwek ---> pocung
8. Isi kluwih ---> bethem
9. Isi krambil ---> kenthos
10. Isi mlinjo ---> klathak
11. Isi nangka ---> beton
12. Isi pelem ---> pelok
13. Isi randhu ---> klentheng
14. Isi salak ---> kenthos/gécol
15. Isi sawo ---> kecik
16. Isi semangka ---> kuwaci
-- wjg --
XI . #Arané_Uwit :
1. Uwit aren ---> ruyung
2. Uwit gedhang ---> debog
3. Uwit jagung ---> tebon
4. Uwit jambé ---> pucang
5. Uwit kacang ---> rendeng
6. Uwit kapuk ---> randhu
7. Uwit krambil ---> glugu
8. Uwit mlinjo ---> eso
9. Uwit pari ---> damen
10. Uwit pohong ---> bonggol
11. Uwit pring enom ---> bung
12. Uwit pring tuwa ---> bungkilan
13. Uwit siwalan ---> tal/bogor
14. Uwit téla ---> lung
-- wjg --
XII. #Arané_Papan/Panggonan :
1. Alas ---> panggonan thethukulan lan
papan uripé kéwan umbaran
2. Alun-alun ---> papan amba ing
satengahing kutha.
3. Babadan ---> papan kang wis
dibabadi
4. Balapan ---> panggonan kanggo adu
balap
5. Balé mangu ---> panggonan kanggo
ngadili wong luput.
6. Bango ---> panggonan kanggo
dodolan
7. Bangsal ---> papan kanggo
pasamuan
8. Besalen ---> papan kanggo mandhé
9. Beteng ---> témbok dhuwur kanggo
nahan mungsuh
10. Bong ---> kuburan cina
11. Bothékan ---> wadhah jamu/bumbu
masak
12. Bubat ---> panggonan kanggo adu
samubarang
13. Cangkruk ---> papan kanggo jaga
kampung
14. Clunthang ---> wadhah jangkrik
15. Éndhong ---> wadhah panah
16. Épok ---> wadhah kinangan
17. Esong ---> growongan kanggo papan
landhak
18. Gadhen ---> papan kanggo
nggadhekaké barang
19. Gayor ---> papan kanggo nggantung
gong
20. Gedhogan ---> kandhang jaran
21. Gedhong ---> omah gedhé kanggo
pasamuan
22. Gerdhu ---> paan kanggo jaga
23. Glodhogan ---> kanggo omah tawon
24. Gowok ---> growongan ing uwit
kanggo nyusuh manuk
25. Gréja ---> papan ibadah agama
Nasrani
26. Grobog ---> kothak kayu kanggo
nyimpen barang
27. Gubug ---> omah cilik papan njaga
tetanduran
28. Gudhang ---> papan nyimpen barang
29. Gupit mandragini ---> papan kanggo
saré ratu
30. Hotel ---> papan séwan panginepan
31. Iyan ---> wadhah kanggo ngeler sega
32. Jodhang ---> grobog sing dipikul isi
warna-warna panganan
33. Jumbleng ---> papan kanggo
bebuwang kotoran
34. Jun ---> wadhah banyu kanggo
ngangsu
35. Kabupaten ---> dalemé Bupati
36. Kadhaton ---> dalemé ratu
37. Kandhang ---> papan kanggo ngingu
kéwan
38. Kanthong ---> sak klambi/selana
39. Kanthongan ---> piranti wadhah
barang
40. Kantor ---> papan nyambut gawé
ngurusi samubarang keperluan
41. Klentheng ---> papan ibadah Cina
42. Klenthing ---> wadhah banyu kanggo
ngangsu
43. Kombong ---> kandhang bebek, pitik
44. Krangkeng ---> kandhang kewan
galak
45. Kranjang ---> wadhah sing digawé
saka anam-anaman pring
46. Kraton ---> dalemé ratu
47. Kuburan ---> papan kanggo ngubur
wong mati
48. Kuncung ---> omah cilik ing ngarep
pendhapa
49. Kurungan ---> kandhang manuk,
utawa pitik supaya ora lunga
50. Langgar ---> omah cilik kanggo
ibadah wong Islam
51. Lemari ---> papan kanggo
nyenyimpen
52. Leng ---> omah semut, gangsir
53. Loji ---> omah gedhé tinggalané
Landa
54. Lumbung ---> papan kanggo
nyimpen pari
55. Menara ---> papan dhuwur kanggo
pepeling
56. Mesjid ---> omah gedhé kanggo
sembahyang wong Islam
57. Pacrabakan ---> papan sang wiku
paring wulangan
58. Padaringan ---> papan nyimpen
beras
59. Padasan ---> papan kanggo wudlu
60. Padhépokan ---> papan pamulangan
ing patapan papané pendhita
61. Paestren ---> sawah ing
sapinggiring kali
62. Paga ---> papan wadhah bekakas
pawon
63. Pagagan ---> lemah kang ditanduri
pari gaga
64. Pagajih ---> lemah sing dumadi saka
waledé kali
65. Pagupon ---> kandhang dara
66. Paidon ---> papan nggo wadhah idu
67. Pakunjaran ---> papan kanggo
ngunjara/ngukum wong luput
68. Pamulangan ---> papan kanggo
mulang-muruk/sekolahan
69. Panepen ---> papan kanggo
semedi/nepi/tapa
70. Pantisari ---> omah cilik ing
satengahing taman
71. Papon ---> papan wadhah apu/enjet
72. Pasanggrahan ---> papan
pelereman/panginepan sajabaning
kutha
73. Pasar ---> papan kanggo dol-tinuku
barang
74. Pasétran ---> papan kanggo
mbuwang bangké
75. Patamanan ---> lemah sing ditanduri
kekembangan kanggo sesawangan
76. Patapan ---> papan kanggo tapa
77. Pawon ---> pérangan omah sing
kanggo olah-olah
78. Payudan ---> papan jembar kanggo
adu perang
79. Pekarangan ---> papan sakiwa-
tengené omah
80. Pelabuhan ---> papan kanggo
mandhegé prau
81. Pelataran ---> lemah sangarepé
omah
82. Pendhapa ---> perangan omah
ngarep, kanggo pasamuan
83. Pesantren ---> papan kanggo
mulang- muruk para santri
84. Pesisir ---> pinggiré segara
85. Petarangan ---> panggonan kanggo
ngendhog pitik
86. Pinihan/kwinihan ---> papan kanggo
ndhedher winih tanduran
87. Plangkan ---> papan kanggo
ndelehaké tumbak, keris, payung
88. Plegungan ---> papan éyub kanggo
lerené sapi, kebo
89. Ploncon/plancan ---> papan
ndelehaké tumbak, teken
90. Pluwang ---> luwangan kanggo
masangi kéwan alas
91. Pomahan ---> pekarangan kang
didegi omah
92. Pondhok ---> omah kanggo
mondhok, ngaji para santri
93. Pragen ---> wadhah uyah utawa
bumbu
94. Pranji ---> kandhang pitik
95. Ranggon ---> gubug inh alas kanggo
jaga kéwan
96. Rong ---> leng gedhé omah tikus,
ula, menyawak
97. Rumah sakit ---> papan kanggo
ngupakara wong lara
98. Sanatorium ---> papa kanggo
nambani wong lara TBC
99. Sanggar ---> papan kanggo latihan,
utawa semedi
100. Sawah ---> papan kanggo nandur
pari, kedhelé, tebu, mbako, lsp
101. Segaran ---> tetironé segara kanggo
ngingu iwak
102. Sekolahan ---> papan kanggo sinau,
mulang-muruk
103. Selon ---> wadhah bumbu utawa
trasi
104. Senthong ---> pérangan sajroning
omah kanggo turu, utawa wadhah
barang
105. Setasiun ---> papan kanggo
mandhegésepur
106. Setren ---> sawah sapinggiré kali
107. Slepen ---> wadhah rokok klobot,
utawa mbako
108. Sudhung ---> gegrumbulan omahé
celeng
109. Susuh ---> omah manuk, tikus,
bajing
110. Tala ---> omah tawon
111. Talun ---> papan ing pangunungan
112. Tambak ---> papan kanggo ngingu
iwak ing pesisir
113. Tangki ---> wadhah lenga, gas, lsp
114. Tangsi ---> papan panggonané
tentara
115. Tegalan ---> lemah sing ditanduri
palawijan
116. Tobong ---> papan kanggo ngobong
gamping, gendheng
117. Tulang ---> kothakan cilik kanggo
adu jangkrik
118. Warung ---> papan kanggo dodolan
panganan
119. Wihara ---> papan ibadah Agama
Budha
120. Wrangka ---> wadhah keris
~~ wjg ~~
XIII. Arané Pagawéyan :
1. Ajudan ---> kang ngawal Presidhen
2. Algojo ---> tukang midana wong
tumindak ala
3. Apotéker ---> tukang ngracik obat ing
apotek
4. Arsitek ---> ahli ngrancang bangunan
5. Bajag ---> rampok, bégal, durjana ing
segara
6. Bakul ---> dodolan barang sarana
cilik-cilikan
7. Batur ---> ngréwangi pakaryan
8. Bégal ---> durjana ing tengah dalan
9. Blandhong ---> tukang negor kayu
10. Blantik ---> bakul raja kaya ( kéwan )
11. Buruh ---> nyambut gawé golek opah
12. Cantrik ---> abdi, muridé pendhita
13. Carik ---> juru tulis
14. Dhalang ---> tukang nglakokaké
wayang
15. Dhokter ---> pegawéyané nambani
wong lara
16. Emban ---> tukang momong ing
kraton
17. Empu ---> tukang gawé gaman
( keris, tombak )
18. Gamel ---> tukang ngopeni jaran
19. Gandhek ---> tukang nglantataké
dhawuhing ratu
20. Gemblak ---> tukang gawé barang
saka kuningan
21. Gerji ---> tukang njait klambi, clana
22. Germa ---> tukang mbeburu ing alas
23. Guru ---> gawéyané mulang-muruk
24. Jagal ---> tukang mbeleh kéwan
25. Jlagra ---> tukang natah/gawé barang
saka watu
26. Juragan ---> sudagar, sing nguwasani
pakaryan
27. Juru basa ---> ahli medharaké basa
28. Juru dang ---> tukang adang
29. Juru kunci ---> tukang njaga/ngrumat
pasaréyan
30. Juru nujum ---> tukang meca,
methek, ngramal
31. Juru mudhi ---> tukang nglakokaké
prau gedhé
32. Juru tambang ---> tukang nglakokaké
prau cilik
33. Juru silem ---> tukang nyilem ing
segara
34. Juru sungging ---> tukang nggambar
35. Juru tulis ---> tukang nulis ing kantor
36. Kemasan ---> tukang gawaé barang
saka emas utawa inten
37. Koki ---> tukang masak ing restoran
38. Kondhektur ---> tukang narik karcis
ing njero nis utawa sepur
39. Kundhi ---> tukang gawé barang saka emas utawa inten
40. Kusir ---> tukang nglakokaké dhokar
41. Kyai ---> ahli babagan agama Islam
42. Madhaharan ---> tukang okah-olah
43. Makelar ---> tukang nglantaraké
dol-tinuku
44. Malang ---> polisi désa
45. Mandhor ---> pengaré kuli
46. Masinis ---> tukang nglakokaké sepur
47. Merbot ---> tukang nabuh bedhug
48. Molang ---> bakul rajakaya
49. Montir ---> tukang ndandani mesin
50. Mranggi ---> tukang gawé wrangka
51. Niyaga/Wiyaga ---> tukang nabuh
gamelan
52. Pekathik ---> tukang nuntun jaran
53. Palara-lara ---> para nyai cilik
54. Palayangan ---> tukang ngeteraké
layang
55. Pandhé ---> tukang gawé barang saka
wesi
56. Panegar ---> tukang ngajari jaran
57. Panjak ---> tukang ngladheni pandhé
utawa dhalang
58. Pangobeng ---> tukang mbathik
59. Para ---> bakul mas inten
60. Parekan ---> para nyai ing kraton
kang katengen
61. Pasindhen ---> wong kang nembangi
gendhing gamelan
62. Pawongan ---> wong sing dadi batur
63. Pecalang ---> prajurit sing ngulataké
lakuné mungsuh
64. Prajurit ---> pegawéyan mbélani
negara
65. Pramugari ---> pegawéyan ngladheni
ing montor mabur
66. Pramuwisma ---> tukang ngréwangi
pegawéyan ing ngomah
67. Pujangga ---> ahli sastra,
pegawéyané ngarang
68. Sarawadi ---> tukang nggosok inten
utawa adol inten
69. Sayang ---> tukang gawé barang saka
tembaga
70. Sekater ---> tukang taksir rega ing
pegadhéyan
71. Sinoman ---> juru ladhen
72. Srati ---> tukang ngopeni gajah
73. Sudagar ---> pedagang gedhé
74. Sopir ---> tukang nglakokaké montor
75. Tandhak ---> tukang njoged ditanggap
76. Tuwa buru ---> abdiné germa
77. Undhagi ---> tukang kayu
78. Waranggana ---> tukang nembangi
ing pagelaran wayang, uyon-uyon