”Tuntunan
Jroning Tontonan”
Pasinaon iki nyuguhake wacan kanthi tema ”Tuntunan Jroning Tontonan”minangka sarana kanggo nyinaoni teks drama. Minangka salah sijine asil kasusastran,lumrahe kajaba kanggo lelipur teks drama uga mujudake srana kanggo tuntunan. Akeh bab wigati kang bisa kapethik saka teks drama. Diajab sarampunge nyinaoni teks drama, para siswa bisa trampil nyurasa, nyipta, maragakake apa dene nyaruwe pementasan drama. Kajaba nyurasa tumekane nyaruwe uga ana gladhen kang bisa digarap kanthi kelompok lan gladhen kang kudu digarap mandhiri. Sadurunge nyinau tuntunan jroning tontonan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.
Apa para siswa tau ndeleng pamentasan drama Basa Jawa?
2.
Yen tau ndeleng pementasan drama, lakone apa?
3.
Ing kegiatan apa pamentasan drama sing kodeleng?
4.
Sapa bae paraga ing drama sing kodeleng?
5. Critakna cekak aos bae isine drama sing kodeleng?
Judul
: Anak Kolong
Penulis
: Mty Anggoro
Adegan 1
Wayah bedhug tengange , ana pemulung loro rumangsa bungah
atine sinambi ngetung dhuwit mulih menyang gubuge.
1 Ayu : Enak tenan….
2 Desi : Yen ben dina ngene iki wahhh......jaaann…
3 Ayu : Edan tenan…
4 Desi : Lho, kok edan…?
5 Ayu : Ya, edan…mosok ben dina wong kon ngrongsok barange ?
Ora mungkin ta ?
6 Desi : Ya mungkin wae ?
7 Ayu : Wis…wis…ngomong sing mungkin – mungkin wae !
8 Desi : Contone ?
9 Ayu : Mak…iki dhuwite , Maaak !
10 Ayu : Luwe, Mak ! ( arep mlebu gubug dicegat bocah njur
ngrebut dhuwite )
11 Desi : ( arep mlebu gubug ) mangaaaannnn …..( ora sida)
12 Bocah : Mandheg! Kene! Kene, endi asile!(ngrebut dhuwite)
13 Ayu+Desi : Aja-aja…! Penak tenan kowe!
14 Bocah : Kene! Oleh ra?
15 Ayu : Ora gelem kangelan kok gelem penake. Enak tenan!
16 Desi : Ora gelem ngalih iki tampanana! (Muni ngono karo nendhang,
sakala bocah lanang glangsaran, bocah loro nyekethem dhuwit kang bisa
dislametake, banjur dilebokake celengan kaya biyasane)
17 Koor : Matur nuwun Gusti…….(padha nyekel wetenge banjur mbengok)
18 Koor : Maaaak….luwe Maaak….mangaaaaaan….(Bocah loro umek ana
njero gubug, sedhela maneh banjur mangan telap telep)
Adegan 2
Ana pengamen loro katon seneng – seneng ngetung dhuwit oleh
- olehane
19 Eka : (Nyanyi – nyanyi sinambi ngetung dhuwit )
Wadhuuuh…akeh banget !!!! Weh…weh…. bingung ngetung…
20 Pinah : Kene, taketunge ! ( karo ngrebut ) Dhasar ra tau
mangan sekolah!
21 Eka Nyooooh...., sing tau mangan sekolah !
22 Pinah : Sekolahe mbahmu apa
? ( lelorone ngguyu cekakakan ) Alhamdulillaaaah….rejeki nomplok ! Ngimpi apa
sewengi ?
23 Eka : La wong ya tanggal nom?
24 Pinah : Ya, wong – wong rung patek butuh dhuwit !
25 Eka : ( sinambi ngetung ) Mak….dhuwite uuuuakeh, Maaak !
26 Pinah : Maaak…setor!! ( Nggoleki emak menyang mburi,
weruh kancane mangan ana pojokan , banjur mbengok) Mangaaannn!!
27 Eka : ( Ndeleng Pinah mlayu menyang gubug, Eka melu mlayu
) Serbuuuu!! ( ana gubug nesu – nesu amarga lawuhe kari thithik )
Waspadakna gambar 4.1, 4.2, lan 4.3 sepisan maneh! Manawa
dijingglengi cetha gambar ing dhuwur nuduhake anane pementasan drama. Kaya kang
wis tau karembug ing wulangan kelas X, minangka teks crita naratif, teks lakon
nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka:
a) jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo
nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure,
b) pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu
diadhepi dening para
paraga, lan
c) pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane
pasulayan utawa dredah. Yen teks lakon dipentasake kaya kang kacetha ing gambar
ngarep, bakal kita temokake struktur drama kang luwih cetha. Karepe bisa
dideleng saka polahe paraga, dirungokake saka pacelathone paraga, dirasakake
saka kahanan kang dumadi, lan sapanunggalane. Murih gamblange para siswa becike
ndeleng pamentasan sacara langsung utawa ndeleng video drama. Ewa dene ing
wulangan iki bisa karembug sarana njingglengi gambar lan teks wacan kang
sumadya.




No comments:
Post a Comment