Home

Friday, October 25, 2019

Geguritan


PALAGAN MADIUN                 Dening: Dedek Wiranto

Ngrungkebi bumi pusaka
Sayek saeka Kapti
Manunggal dadi siji
Ndhepani palagan
Nggayuh kamardikan

Putra Madiun
Ing jaman perang Pangeran Diponegoro
Yaiku Raden Mas Basah Sentot Prawiradirjo madeg dadi salah sawijining Senopati
Ndampingi kridhaning Pangeran Diponegoro
Ngadhepi kompeni

Ing palagan Puroboyo kang banjur sinebut Madiun
Para satriyaning negara pada cancut ing ngayuda
Akeh kang gugur dadi Kusumaningrum bangsa
Lelabuhan kanti pangorbanan nyawa
Kanggo kamardikan bangsa lan negara Indonesia.

Madiun dadi palagan yudhaning bangsa
Ayo aja nganti ilang
Tansah njaga karukunan ngudi katentreman
Urip rukun bebarengan mbangun kuncaraning bangsa lan Nagara

Madiun tetep Santosa ing gati
Palagan mbangun negari
Ngisi Kamardikan
Ngrungkebi bumi Pertiwi.


(Kediri,310718)                                                      

No comments:

Post a Comment