PALAGAN MADIUN Dening:
Dedek Wiranto
Ngrungkebi bumi pusaka
Sayek saeka Kapti
Manunggal dadi siji
Ndhepani palagan
Nggayuh kamardikan
Putra Madiun
Ing jaman perang Pangeran
Diponegoro
Yaiku Raden Mas Basah Sentot
Prawiradirjo madeg dadi salah sawijining Senopati
Ndampingi kridhaning
Pangeran Diponegoro
Ngadhepi kompeni
Ing palagan Puroboyo kang
banjur sinebut Madiun
Para satriyaning negara pada
cancut ing ngayuda
Akeh kang gugur dadi
Kusumaningrum bangsa
Lelabuhan kanti pangorbanan
nyawa
Kanggo kamardikan bangsa lan
negara Indonesia.
Madiun dadi palagan
yudhaning bangsa
Ayo aja nganti ilang
Tansah njaga karukunan ngudi
katentreman
Urip rukun bebarengan
mbangun kuncaraning bangsa lan Nagara
Madiun tetep Santosa ing gati
Palagan mbangun negari
Ngisi Kamardikan
Ngrungkebi bumi Pertiwi.
(Kediri,310718)
No comments:
Post a Comment