Ujub Genduri.
Versi 1.
Assalamu ‘alaikum wr wb.
Nuwun keparengo matur wonten ngersanipun poro rawuh sepuh miwah anem sedoyo. Sak derengipun kulo matur mbok bilih wonten kalepatan atur kulo ing sak mangke kulo nyuwun gonging samudro pangarsami.
Sumonggo kulo aturi sesarengan muji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah ingkang moho kuaos , ingkang paring kanikmatan karahayon dumateng kito sedoyo.
Antawisipun nikmat kesarasan, keimanan soho keislaman sehinggo wekdal meniko kulo lan panjenengan sami saget hangrawuhi punopo ingkang dados jawilanipun bopo ………………………….sak kluargi.
Bopo…………….sak kluargi Hangaturi rawuh dumateng kulo soho panjenengan sedoyo ingkang sak perlu bade dipun suwuni sawab pandunganipun wilujeng slamet anggenipun bade kagungan hajad………………………………….mugi-mugi Gusti ingkang Hangaryo jagat tansah maringi keslametan karahayon mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.
Sholawat soho salam mugi kunjuk atur dumateng Gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluargo soho shohabatipun Abu Bakar, Umar, Usman soho Ali Alaihi sholatu wassalam.
Dene wekdal meniko kulo kapurih ngikrar aken punopo ingkang dados niat soho Hajatipun shohibul Bait bopo……………………………. Wodene wekdal meniko bopo………………….. kagungan Hajad injih meniko bade………………………
Pramilo panjenengan sedoyo dipun aturi Nyekseni lan dipun suwuni pandungo wilujeng dumateng bopo …………………….. sak kluargi, mugi-mugi asalipun Gelar Genduri Sodaqohan wonten dalu puniko tansah pikantuk barokah soho Rahmad saking Gusti Allah SWT.
Ing wekdal meniko bopo……..Rerakit Ubo Rampinipun Gelar Genduri ingkang sampun wonten Ngarso Panjenengan sedoyo. Sepindah Rerakit BUBUR ABANG PUTIH, Meniko kangge mbektosi sederek ipun bopo……. ingkang lahir tunggal sedino, Marmarti Kakang Kawah Adi Ari-ari Sederek sekawan gangsal pancer Getih Puser.
Sederek ipun ingkang kerawatan lan sederekipun ingkang mboten kerawatan, Sederekipun ingkang Lahir medal Margo ino soho Sederekipun ingkang lahir mboten medal Margo ino, Soho Sederekipun ingkang lahir sareng sedino.
Sederekipun ingkang tunggal sakpertapan sanes panggenan ingkang kandek Dasare tuyo Dasare Bumi.
Pramilo dipun bektosi mugi-mugi Maringono pandungo wilujeng sak rintene soho sak dalunipun mboten wonten alangan se tunggal punopo-punopo.
Lan Mbektosi sederek ingkang Celak tanpo Sinenggol tebih tanpo wangenan, Mugi-mugi Maringono Wilujeng dumateng bopo……….. sak keluargonipun.
Bubur Abang Putih sebab meniko atur bekti dumateng Kyai Smerobumi soho Nyai Smorobumi, Kaki Danyang soho Nini Danyang ingkang Mbahu Rekso Dusun……….. Kelurahan ……………. mriki.
Ingkang sak lajengipun Bopo……………..Rerakit Pisang Ayu sekar konyoh Gondo Arum meniko Atur bekti Dumateng Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekkeh Madinah.
Pramilo dipun bekteni Mugi-mugi Maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten alangan setunggal punopo punopo. Ingkang saklajengipun Bopo ……………..Rerakit sekol suci Ulam sari, Duduh Lembaran.
Atur bekti dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Keluargo soho Shohabatipun sekawan inggih meniko Abu bakar, Umar, Usman soho Ali alaihi sholatu wassalam.
Lan Atur bekti dumateng Bopo Adam Ibu Howo, Bopo Angkoso Ibu Pertiwi lan Atur bekti dumateng poro Nabi, poro Wali, poro Suhada, poro Alim Ulama, poro Mukmin Mukminat.
Pramilo dipun bekteni mugi-mugi maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten Alangan setunggal punopo-punopo.
Sebab maleh atur bekti dumateng Kanjeng nabi Sulaiman Alaihi salam ingkang Nguasani Kutu-kutu, Walang, Atogo sak lumahing Bumi sak kureping Langit, Pramilo dipun bekteni mbok bilih wonten kirang kalepatanipun Anggenipun Amragat Sato Iwen ingkang Suku kalih soho Sato Iwen ingkang Suku sekawan Mugi-mugi Kanjeng Nabi Sulaiman kersoo Amaringi pangapunten.
Sampun cekap anggenipun kulo matur, bilih wonten kirang endah ing penggalih panjengan ingkang katuran pinarak wonten mriki, kulo nyuwun samudraning kalepatan.
Wassalam mualaikum warohmatullahi wabarokatuh
Versi 2.
Nuwun para undangan, poro sesepuh, poro pinisepuh, sedaya kanca kadang ingkang rawuh.
Kula aturi ngaturaken pangapunten awit kawula angge ngajabaken atur sembah pangabekti dhumateng panjenengan sedaya,
saking tulusing manah ngaturaken kajat, kajat niatipun bapak/ibu………
Awit saking anggenipun ngaturi rawuh panjenengan, sami sageda kaparingi nugraha
milujeng, slamet, saha kasuwunan pangapunten lan keikhlasan dhumateng acara punika.
Tasyakuran dan Sedekah
Mila, bapak/ibu, ingkang kalenggahan punika tata rakit warni-warni ambengan, sesaji lan rejeki,
nggih sedekah lillahi ta’ala, awit saking rasa puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT
saking rahmat lan nikmatipun ingkang sampun kaparingaken.
Pramila mugi puji syukur, mugi Gusti Allah Ta’ala ambukahi rejeki saha nikmat dumateng panjenengan sedaya.
Doa Sholawat dan Sowan Para Wali
Saklangkungipun pak… kinten doa sholawat dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW,
para sahabat kados Abu Bakar, Umar, Utsman, Ali, lan sedaya ulama, wali, mukmin, mukminah.
Mugi pinaringan pangestu, kawilujengan saking Allah Ta’ala.
(Doa Untuk Leluhur:)
Kita aturi bantu kajat mendoakan leluhur:
Bapak ibu simbah,
Leluhur ingkang sampun tilar donya,
Saking pihak estri, pihak kakung,
Ingkang enten wonten kubur,
Ingkang durung kaleksanan donga,
Ingkang kenging bilahi, cilaka, kalepatan, dosa.
Mugi diparingi pangapura lan pinarak wonten panggenan ingkang utama.
Mugi Gusti Allah paring pangapura, ngapura dosa kalepatan,
ngapura dosa para leluhur, saha umat Nabi Muhammad SAW,
diparingi nikmat, pangapura, rejeki, kawilujengan,
lan pinuji puja saking panjenengan sedaya.
(SEKUL AUCI ULAM SARI:)
Kajat punika minangka rasa sukur dhumateng Gusti Allah
awit pinaringan rejeki saking Pangeran,
nggih dipun aturaken sekul auce ulam sari.
Saget dados pengeling-eling,
supaya tansah eling, nyuwun pangapunten,
ngundang berkah saha berkahipun dhateng griya,
sarta slamet, rahayu lan wilujeng.
(SEKUL MAJEMUK)
Sekul majemuk punika minangka tandha sukur,
mugi sami dados pengeling-eling sedaya warga griya
supaya tansah guyub, rukun, lan bebarengan,
sageda angsal sandhang, pangan, rejeki saha kabegjan.
Mugi sageda pinaringan rahayu wilujeng sedaya kaluwarga,
amargi kaliyan sekul punika minangka lambang sedulur, guyub,
sarujuk bareng-bareng, lan slamet bareng.
JENANG SENGKALA:
Jenang sengkala punika minangka perlambang nyuwun pangapura
saking dosa, salah, lan kalepatan.
Jenang kados ireng, abang, putih — lambang dosa lan resik.
Mugi saget ngresiki dhiri,
ngilangi sisa-sisa dosa,
supaya gesang luwih wilujeng.
Jenang dipun aturake dumateng para tamu
supados saget dados pangeling-eling:
Ndherek ndonga
Ndherek ngapura
Ndherek ngilingi
Supados urip tansah rahayu lan ayem tentrem
Mugi sedaya kajat punika, sekul, jenang,
saget kaparingaken kalenggahan wonten panggalih panjenengan sedaya.
Mugi pinaringan kawilujengan lan rahayu.
Amin.
Kapethik saking FB.Satrio kedhiri
No comments:
Post a Comment