Home

Sunday, March 29, 2026

Basa Rinengga ꦧꦱꦫꦶꦤꦼꦁꦒ

ꦧꦱꦫꦶꦤꦼꦁꦒ  Basa Rinengga

Basa rinengga tegese basa kang dipaes, direngga, utawa didandani ben dadi lan apike. Wis kita ngerteni yen kanggo mujudake basa kanthi rasa pangrasa lan endahe basa, kita mbutuhake sarana khusus. Padatan  migunakake sarana arupa basa rinengga kayata: Tembung entar, Saroja, Tembung Kawi, Purwakanthi, Saloka, Paribasan, Bebasan, Pepindhan, Wangsalan, Panyandra lan sapanunggalane.


1. Tembung Entar : Tegese, Makna lan Panganggone Lunga, ninggal papan sakawit (mentar). Tembung entar, tembung sing tegese wis ora padha karo tegese sakawit


Tuladha : 

  • dawa tangane = seneng colong jupuk.
  • Abang kupinge = sangat merah. “Pas didukani Pak Guru, katon abang kupinge 
  • Ala jenenge = tak bisa dipercaya
  • Atine ana wulune = dengki, ora tulus. Ati dhondong = buruk hati
  • Guwak sengkala = menghilangkan sial
  • Cilik atine = penakut
  • Cupet nalare = tidak mampu berpikir jangka panjang
  • Entheng tangane = senang menganiaya
  • Gantung kepuh tegese = jarang ganti pakaian
  • Idu geni = harus diiyakan semua perintahnya,
  • Jembar segarane = mudah memaafkan
  • Kaku atine = tidak suka bercanda, kolot
  • Kasar tembunge = mulutnya kasar/bicaranya kotor
  • Kandel kupinge = tidak mau dinasihati
  • Landhep dhengkul = sangat bodoh
  • Lunyu ilate = bicaranya selalu berubah
  • Matha dhuwitan = serakah terhadap uang
  • Mendem drajat = setelah berpangkat sombong
  • Mogol sinaune = sekolahnya tidak lulus
  • Ngekep dhengkul = menganggur
  • Ora kuwat payung = tidak kuat menjadi pejabat
  • Rai gedheg = tidak tahu malu
  • Tipis lambene = akeh omonge, cerewet
  • Udan tangis = banyak yang menangis
  • Urun cangkem = hanya ikut makan tidak ikut iuran apa-apa
  • Walangati = khawatir

2. Saroja : Tembung kang rinakit saka rong tembung kang (meh) padha tegese lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges. Bisa maknane perkara kang ana sesambungane, bisa uga kahanan mbangetake.

Tuladha:

1. Adi luhung: bernilai tinggi

2. Ajur mumur: hancur lebur

3. Akal budi: pemikiran

4. Alim ulama: orang yang pandai agama Islam

5. Amis bacin: berbau amis

6. Amrik minging: bau wangi

7. Andhap asor: rendah hati

8. Angkara murka: ketamakan

9. Arum wangi: berbau harum

10. Babak bundhas: terluka parah

11. Bagas waras: sehat

12. Bandha donya: benda duniawi

13. Bapa biyung: ayah dan ibu, orang tua

14. Baya pakewuh: rintangan

15. Blaka suta: blak-blakan, terus terang

16. Budi pakarti: budi pekerti

17. Bunder seser: bulat sekali

18. Campur adhuk: campur aduk

19. Cikal bakal: pendiri

20. Crah bubrah: pertengkaran

21. Darma bekti: perbuatan untuk berbakti

22. Dhawuh timbalan: perintah

23. Donga puji: doa

24. Duga prayoga: sopan santun

25. Edi peni: indah sekali

26. Entek enting: habis

27. Ewuh pakewuh: sungkan

28. Gagah prakosa: gagah perkasa

29. Gemah ripah: makmur

30. Gepok senggol: bersentuhan

31. Gethok tular: dari mulut ke mulut

32. Glogok sok: dituang semua

33. Godha rencana: godaan

34. Guyup rukun: sangat rukun

35. Jabang bayi: bayi

36. Japa mantra: mantra atau doa

37. Jungkir walik: jungkir balik

38. Kadang konang: orang yang suka membeda-bedakan kerabat

39. Kongas ngambar: semerbak baunya

40. Kukuh bakuh: kuat

41. Lagak lageyan: perilaku

42. Lalu lungse: sudah berlalu

43. Lega lila: ikhlas

44. Mukti wibawa: kedudukan tinggi

45. Mula buka: permulaan

46. Nistha dama: nista atau jelek

47. Padhang jingglang: terang benderang

48. Peteng ndedet: gelap gulita

49. Putih memplak: putih sekali

50. Rahayu slamet: selamat

51. Rame gumuruh: sangat ramai

52. Rina wengi: siang malam

53. Sabar darana: sangat sabar

54. Sayuk rukun: rukun sekali

55. Sinuba sinukarta: sangat dihormati

56. Solah bawa: tingkah laku

57. Sri narendra: raja

58. Suka rena: senang sekali

59. Sumbang surung: sumbangan atau andil

60. Tambal sulam: tambal

61. Tandang grayang: melakukan pekerjaan

62. Tata krama: tata krama

63. Tata trapsila: norma kesusilaan

64. Teguh santosa: kuat

65. Tepa tuladha: contoh

66. Tindak tanduk: tingkah laku

67. Tumpang tindhih: tumpang tindih

68. Wadya bala: bala tentara

69. Watak wantu: sikap

70. Welas asih: belas kasih

71. sato kewan: perkara kewan

72. ayem tentrem :tentrem tenan

73. colong jupuk: perkara nyolong

74. tresna asih : asih tenan 


3. Tembung Kawi : Tembung arkais, lawas, saka basa Jawa kuna

Tuladha : 

  • Tyas : ati, kayun: karep, antaka : mati   Bantala : bumi  Eka : setunggal, Dwi : kalih, Tri : tiga, lsp

576 Tembung Basa Kawi Contoh dan Artinya - Intanpari.com


4. Purwakanthi : peranganing swara utawa Tembung mawa wirama kang kadhapuk kanthi ngambali aksarane Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra.

Tuladha: 

  • Wong sabar bakal subur.
  • Mlaku pincang kesandhung njom-plang.
  • Tulung menthung. 
  • Yitna yuwana lena kena.
  • Berikut adalah jenis-jenis purwakanthi beserta penjelasannya:
    • Purwakanthi Guru Swara
      • Pengertian: Kesamaan bunyi pada vokal (a, i, u, e, o).
      • Contoh:
        • Ati kerep, bandha cupet.
        • Becik ketitik, ala ketar**a.
        • Tenguk-tenguk nemu gethuk.
    • Purwakanthi Guru Sastra
      • Pengertian: Kesamaan huruf konsonan pada awal kata.
      • Contoh:
        • Tata, titi, tentrem.
        • Sepi sepa lir sepah samun.
        • Babat, bibit, bobot, bebet.
    • Purwakanthi Lumaksita (Guru Basa)
      • Pengertian: Pengulangan kata terakhir pada frasa/kalimat sebelumnya di awal kalimat berikutnya.
      • Contoh:
        • Asung bektibektine kawula marang Gusti.
        • Bayem ardaardane ngrasuk busana.
        • Rujak degandegane krambil ijo.
    Purwakanthi sering digunakan dalam parikan, paribasan (peribahasa), dan karya sastra Jawa lainnya untuk memberikan efek rima yang berirama.

Contoh Purwakanthi Guru Swara Lan Tegese (Tuladha)


5. Saloka : Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.


Tuladha: 

  • Gajah ngidak rapah tegese wong kang nglanggar wewalere dhewe
  • Bathok bolu isi madu : wong kang katone asor ning duwe kapinteran

25 Contoh Tembung Saloka dan Artinya, Materi Bahasa Jawa - Sonora.id


6 Paribasan :  Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.


Tuladha :

  • Sedhakep ngawe-awe tegese wis mareni marang tumindak ala nanging ing batin isih kepingin nindakake maneh.
  • Ciri wanci lila ginawa mati: Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati (Kebiasaan jelek tidak bisa dibenahi jika

https://www.sonora.id/read/423679724/20-contoh-paribasan-lan-tegese-dalam-bahasa-jawa



7. Bebasan : Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang.


Tuladha : 

  • Emban cindhe emban siladan: ora adil/ pilih kasih 
  • Ancik-ancik pucuking eri: uripe tansah kuwatir

https://adjar.grid.id/amp/543920338/20-contoh-bebasan-salah-satu-jenis-kesusastraan-jawa?page=all



8. Pepindhan : Unen-unen kang ora ngemu surasa kang sejatine. Lumrahe pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyane kang ngemu karep kaya.

Tuladha : 

  • Dalane mbathok mengkureb, Dedege ngringin sungsang, Dhuwure kaya ancik-ancik mega

https://adjar.grid.id/read/543196209/18-contoh-tembung-pepindhan-untuk-percakapan-sehari-hari-bahasa-jawa?page=all



9.  Wangsalan : Unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dibatang dhewe. Ukarané ora persis nanging mèmper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang

Tuladha : 

  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen ngenteni. (saron saka bumbung = angklung) 
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung= aren).

Wangsalan: Pengertian, Jenis Dan 22 Contoh Kalimatnya | Kawruh Basa


10. Panyandra : yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kahanan adhapuk pepindhan. Tembung iki isoh diarani mbangetake.

tuladha:

  • Alise nanggal sepisan
  • Cahyane wulan dadari
  • Rambute ngembang bakung

Panyandra: Pengertian, Jenis Lengkap Dengan Contoh | Kawruh Basa


Ing pasrawungan saben dina mesthine kita perlu ngesokake panemu, gagasan apa dene pangrasa marang sapadha-padha utawa ing pasrawungan tartamtu. Ngesokake panemu, gagasan apa dene rasa pangrasa bisa kaandharake kanthi basa sastra lan basa non sastra. Nalika kita nganggep yen ana perlune migunakake basa rinengga, peranganing basa rinengga kaya tuladha ing bagan mau bisa kita wedharake manut apa lan kepriye butuhe.


Tugas : Garapen soal ngisor Iki kanthi pratitis!

Gladhen Soal Basa Rinengga


No comments:

Post a Comment