ꦧꦱꦫꦶꦤꦼꦁꦒ Basa Rinengga
Basa rinengga tegese basa kang dipaes, direngga, utawa didandani ben dadi lan apike. Wis kita ngerteni yen kanggo mujudake basa kanthi rasa pangrasa lan endahe basa, kita mbutuhake sarana khusus. Padatan migunakake sarana arupa basa rinengga kayata: Tembung entar, Saroja, Tembung Kawi, Purwakanthi, Saloka, Paribasan, Bebasan, Pepindhan, Wangsalan, Panyandra lan sapanunggalane.
1. Tembung Entar : Tegese, Makna lan Panganggone Lunga, ninggal papan sakawit (mentar). Tembung entar, tembung sing tegese wis ora padha karo tegese sakawit
Tuladha :
- dawa tangane = seneng colong jupuk.
- Abang kupinge = sangat merah. “Pas didukani Pak Guru, katon abang kupinge
- Ala jenenge = tak bisa dipercaya
- Atine ana wulune = dengki, ora tulus. Ati dhondong = buruk hati
- Guwak sengkala = menghilangkan sial
- Cilik atine = penakut
- Cupet nalare = tidak mampu berpikir jangka panjang
- Entheng tangane = senang menganiaya
- Gantung kepuh tegese = jarang ganti pakaian
- Idu geni = harus diiyakan semua perintahnya,
- Jembar segarane = mudah memaafkan
- Kaku atine = tidak suka bercanda, kolot
- Kasar tembunge = mulutnya kasar/bicaranya kotor
- Kandel kupinge = tidak mau dinasihati
- Landhep dhengkul = sangat bodoh
- Lunyu ilate = bicaranya selalu berubah
- Matha dhuwitan = serakah terhadap uang
- Mendem drajat = setelah berpangkat sombong
- Mogol sinaune = sekolahnya tidak lulus
- Ngekep dhengkul = menganggur
- Ora kuwat payung = tidak kuat menjadi pejabat
- Rai gedheg = tidak tahu malu
- Tipis lambene = akeh omonge, cerewet
- Udan tangis = banyak yang menangis
- Urun cangkem = hanya ikut makan tidak ikut iuran apa-apa
- Walangati = khawatir
2. Saroja : Tembung kang rinakit saka rong tembung kang (meh) padha tegese lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges. Bisa maknane perkara kang ana sesambungane, bisa uga kahanan mbangetake.
Tuladha:1. Adi luhung: bernilai tinggi
2. Ajur mumur: hancur lebur
3. Akal budi: pemikiran
4. Alim ulama: orang yang pandai agama Islam
5. Amis bacin: berbau amis
6. Amrik minging: bau wangi
7. Andhap asor: rendah hati
8. Angkara murka: ketamakan
9. Arum wangi: berbau harum
10. Babak bundhas: terluka parah
11. Bagas waras: sehat
12. Bandha donya: benda duniawi
13. Bapa biyung: ayah dan ibu, orang tua
14. Baya pakewuh: rintangan
15. Blaka suta: blak-blakan, terus terang
16. Budi pakarti: budi pekerti
17. Bunder seser: bulat sekali
18. Campur adhuk: campur aduk
19. Cikal bakal: pendiri
20. Crah bubrah: pertengkaran
21. Darma bekti: perbuatan untuk berbakti
22. Dhawuh timbalan: perintah
23. Donga puji: doa
24. Duga prayoga: sopan santun
25. Edi peni: indah sekali
26. Entek enting: habis
27. Ewuh pakewuh: sungkan
28. Gagah prakosa: gagah perkasa
29. Gemah ripah: makmur
30. Gepok senggol: bersentuhan
31. Gethok tular: dari mulut ke mulut
32. Glogok sok: dituang semua
33. Godha rencana: godaan
34. Guyup rukun: sangat rukun
35. Jabang bayi: bayi
36. Japa mantra: mantra atau doa
37. Jungkir walik: jungkir balik
38. Kadang konang: orang yang suka membeda-bedakan kerabat
39. Kongas ngambar: semerbak baunya
40. Kukuh bakuh: kuat
41. Lagak lageyan: perilaku
42. Lalu lungse: sudah berlalu
43. Lega lila: ikhlas
44. Mukti wibawa: kedudukan tinggi
45. Mula buka: permulaan
46. Nistha dama: nista atau jelek
47. Padhang jingglang: terang benderang
48. Peteng ndedet: gelap gulita
49. Putih memplak: putih sekali
50. Rahayu slamet: selamat
51. Rame gumuruh: sangat ramai
52. Rina wengi: siang malam
53. Sabar darana: sangat sabar
54. Sayuk rukun: rukun sekali
55. Sinuba sinukarta: sangat dihormati
56. Solah bawa: tingkah laku
57. Sri narendra: raja
58. Suka rena: senang sekali
59. Sumbang surung: sumbangan atau andil
60. Tambal sulam: tambal
61. Tandang grayang: melakukan pekerjaan
62. Tata krama: tata krama
63. Tata trapsila: norma kesusilaan
64. Teguh santosa: kuat
65. Tepa tuladha: contoh
66. Tindak tanduk: tingkah laku
67. Tumpang tindhih: tumpang tindih
68. Wadya bala: bala tentara
69. Watak wantu: sikap
70. Welas asih: belas kasih
71. sato kewan: perkara kewan
72. ayem tentrem :tentrem tenan
73. colong jupuk: perkara nyolong
74. tresna asih : asih tenan
3. Tembung Kawi : Tembung arkais, lawas, saka basa Jawa kuna
Tuladha :
- Tyas : ati, kayun: karep, antaka : mati Bantala : bumi Eka : setunggal, Dwi : kalih, Tri : tiga, lsp
576 Tembung Basa Kawi Contoh dan Artinya - Intanpari.com
4. Purwakanthi : peranganing swara utawa Tembung mawa wirama kang kadhapuk kanthi ngambali aksarane Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra.
Tuladha:
- Wong sabar bakal subur.
- Mlaku pincang kesandhung njom-plang.
- Tulung menthung.
- Yitna yuwana lena kena.
- Berikut adalah jenis-jenis purwakanthi beserta penjelasannya:
- Purwakanthi Guru Swara
- Pengertian: Kesamaan bunyi pada vokal (a, i, u, e, o).
- Contoh:
- Ati kerep, bandha cupet.
- Becik ketitik, ala ketar**a.
- Tenguk-tenguk nemu gethuk.
- Purwakanthi Guru Sastra
- Pengertian: Kesamaan huruf konsonan pada awal kata.
- Contoh:
- Tata, titi, tentrem.
- Sepi sepa lir sepah samun.
- Babat, bibit, bobot, bebet.
- Purwakanthi Lumaksita (Guru Basa)
- Pengertian: Pengulangan kata terakhir pada frasa/kalimat sebelumnya di awal kalimat berikutnya.
- Contoh:
- Asung bekti, bektine kawula marang Gusti.
- Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
- Rujak degan, degane krambil ijo.
Purwakanthi sering digunakan dalam parikan, paribasan (peribahasa), dan karya sastra Jawa lainnya untuk memberikan efek rima yang berirama.- Purwakanthi Guru Swara
Contoh Purwakanthi Guru Swara Lan Tegese (Tuladha)
5. Saloka : Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.
Tuladha:
- Gajah ngidak rapah tegese wong kang nglanggar wewalere dhewe
- Bathok bolu isi madu : wong kang katone asor ning duwe kapinteran
25 Contoh Tembung Saloka dan Artinya, Materi Bahasa Jawa - Sonora.id
6 Paribasan : Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
- Sedhakep ngawe-awe tegese wis mareni marang tumindak ala nanging ing batin isih kepingin nindakake maneh.
- Ciri wanci lila ginawa mati: Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati (Kebiasaan jelek tidak bisa dibenahi jika
https://www.sonora.id/read/423679724/20-contoh-paribasan-lan-tegese-dalam-bahasa-jawa
7. Bebasan : Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang.
Tuladha :
- Emban cindhe emban siladan: ora adil/ pilih kasih
- Ancik-ancik pucuking eri: uripe tansah kuwatir
https://adjar.grid.id/amp/543920338/20-contoh-bebasan-salah-satu-jenis-kesusastraan-jawa?page=all
8. Pepindhan : Unen-unen kang ora ngemu surasa kang sejatine. Lumrahe pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyane kang ngemu karep kaya.
Tuladha :
- Dalane mbathok mengkureb, Dedege ngringin sungsang, Dhuwure kaya ancik-ancik mega
9. Wangsalan : Unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dibatang dhewe. Ukarané ora persis nanging mèmper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang
Tuladha :
- Nyaron bumbung, nganti cengklungen ngenteni. (saron saka bumbung = angklung)
- Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung= aren).
Wangsalan: Pengertian, Jenis Dan 22 Contoh Kalimatnya | Kawruh Basa
10. Panyandra : yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kahanan adhapuk pepindhan. Tembung iki isoh diarani mbangetake.
tuladha:
- Alise nanggal sepisan
- Cahyane wulan dadari
- Rambute ngembang bakung
Panyandra: Pengertian, Jenis Lengkap Dengan Contoh | Kawruh Basa
Ing pasrawungan saben dina mesthine kita perlu ngesokake panemu, gagasan apa dene pangrasa marang sapadha-padha utawa ing pasrawungan tartamtu. Ngesokake panemu, gagasan apa dene rasa pangrasa bisa kaandharake kanthi basa sastra lan basa non sastra. Nalika kita nganggep yen ana perlune migunakake basa rinengga, peranganing basa rinengga kaya tuladha ing bagan mau bisa kita wedharake manut apa lan kepriye butuhe.
Tugas : Garapen soal ngisor Iki kanthi pratitis!
No comments:
Post a Comment