Sesorah/Tanggap Wacana
1.Pangerten
Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Sesorah ana ing Bahasa Indonesia jenenge pidato. Sesorah iku katindhaake ana ing acara formal.Sesorah katindakake wong jawa.utamane menawa ana upacara adat.Upacara adat kang butuhake acara sesorah yaiku :
a.Upacara mantenan jangkep.
b.Sunatan ( Supitan )
c.upacara nyadran, selamatan lan sapanunggalane.
2.Jenis Pidhato/Sesorah
a.miturut gunan, sesorah kabagi dadi pirang-pirang jinis, yaiku : sabdatama(sesorah tunggal),pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap wacana(sesorah kang kudu antuk tanggapan)
b.miturut ancase pidato
1.atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu,wonten ing acara menapa kemawon,umpaminipun:ing pahargyan (pesta),sukuran, lsp
2.pawarta utawi informasi
Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng pamiarsa, pramila bab ingkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha:sesorah ing rapat,promosi barang,lan sakpanunggalane.
3.atur panglipur/hiburan ( ancasipun supados ingkang mirengaken remen penggalihipun)
Tuladha:ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
4.Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengake pitados.kapilut manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha: Panyuluhan Kesehatan
3.Perangane Sesorah
Supados anggenipun sesorah saget runtut,prayogane mangerteni rantamane sesorah.rantamane sesorah yaiku :
A.Uluk Salam(kulanuwun, sugeng ndalu lan sanese )
B.Purwaka( puji syukur kagem gusti lan panuwun kagem para tamu)
C.Isi / wigatining atur ( ngandarake ancasing acara kang dipuntindakaken)
D.Pangarep - arep ( panyuwun utawi pangajeng - ajeng saking tiyang kang kagungan kersa dhateng para tamu )
E.Panutup(isi atur panuwun )
4.Cengkorongane Sesorah
Urutane Cengkorongan
a.salam pembuka ( ngucapake uluk salam)
b.purwaka(isine ucapan syukur)
c.isi/wigatining atur( bab apa wae kang badhe diaturaken )
d.pangarep - arep ( isine bab lang diauwunake marang para tamune umpamane donga lan pitutur.
Tuladha
Bab : Atur Pambagya “Supit”
Assalamualaikum wr wb
Sugeng Dalu para rawuh…
Dumateng Para Bapak Ibu, ingkang kula hormati. Ugi para rawuh sedaya Kakung saha putri ingkang Kula tresnani.
Kaping setunggal, mangga Kula panjenengan Kula derekaken sareng muji syukur dumateng ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi Ingkang sampun maringi rahmat lan kanikmatan dumateng kula lan panjenengan sedaya.
Kaping kalihipun Sholawat saha salam kunjuk dumateng Nabi agung Nabi Muhammad SAW.
Kaping tiganipun kula nyuwun agunging pangaksami amargi sampun wantun, matur wonten ngajeng panjenengan Sedaya.
Para rawuh ingkang Kula hormati, minangka sesulih saking Bapak ugi ibu, Kula ngaturaken Sugeng rawuh wonten ing Gubuk kula menika, Kula nyuwun duka ingkang Ageng, mbok bilih wonten suguh utawi gupuh ingkang kirang mranani penggalih.
Para rawuh ingkang Kula hormati, ancasipun panjenengan Sedaya dipun aturi rawuh wonten dalem mriki nggih menika , nyuwun pangestunipun ugi nyekseni anggenipun Adik Kula Nami : Surya Saputra ingkang sampun ngancik dewasa, nglampahi wajibing lare jaler, inggih menika Selam utawi Supit. Alhamdulillah, anggenipun Supit sampun paripurna, Mugi enggal pulih sarta angsal barokahipun Gusti ingkang murbeng dumadi.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Cekap semanten, Kula matur, sak lajengipun, para rawuh dipun aturi, dahar kembul, sak wontenipun. Kawulo sumanggaaken, nuwun.
Wassalamu'alaikum wr. WB.
Pasrah Penganten Kakung
Bismillahirohmanirrohim,
Assalamualaikum wr wb.
Nuwun, kulanuwun.
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi tansah kajiwa kasarira wonten ngarsa Panjenengan sedaya.
Para Pinisepuh tuwin para Sesepuh ingkang tansah kula bekteni.
Ibu-Bapak, para putri putra dalasan sagung kulawarga miwah para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah winantu ing suka basuki..
Mirungganipun katur dhumateng Panjenenganipun Bp. ................... (Paraga Tampi) ingkang jumeneng sumilih sariranipun Bp. ........................ (Ingkang Hamengku gati) sarimbit, ingkang winantu ing karaharjan.
Sowan kula sapangombyong, sinaraya dening Bp. ................ (Kadang Besan) sekalian.
- Ingkang sepisan, Panjenenganipun Bp. ..................... (Kadang Besan)
kekalih ngaturaken kabar kawilujengan konjuk Panjenenganipun
Bp. ............... (Ingkang Hamengku gati) sekaliyan.
- Kaping kalih ; Panjenenganipun Bp. ................ (Kadang Besan) sekaliyan
ngaturaken salam taklimipun mugi katur ing ngarsanipun Bp. ...............
(Ingkang Hamengku gati) sarimbit.
- Kaping tiga ; Hanetepi rantaman ingkang gumathok saking para ingkang
nembe bebesanan, sowan kula sapangombyong kinen masrahaken
Penganten Kakung ingkang peparab : Bgs. ................... (Asma Penganten
Kakung) ingkang sampun kaijabaken kaliyan putra putrinipun.
Bp. ................. (Ingkang Hamengku Gati) ingkang apeparab pun Wr.
Ayu .................(Asma Penganten Putri). kados ingkang sampun rinancang
saha rinacik wontenipun dhaup adat Penganten sekaliyan.
Menggah lampahing upacara panggihing penganten kula sumangga'aken dhumateng Panjenenganipun Bp. ...................... ( Ingkang Hamengku Gati) sekalian. Wondene Bp. ......................... (Kadang Besan) kekalih hamung nderek memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, mugi tansah winantu saung karahayon, wilujeng nir ing sambekala. Kanthi pandonga mugi risang Penganten kekalih tansah atut runtut kados Kamajaya lan,Ratih, saget tinurutan ingkang sinedya, ngetrepi kekudanganipun tiyang sepuh.
Kula ingkang tinanggenah nyowanaken Penganten Kakung, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur, kiranging subasita, tandang tanduk tuwin tata krami ingkang wusananipun mboten ndadosaken sarjuning penggalih Panjenengan sedaya, kula dalah para pangaraking Penganten Kakung, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Nuwun, maturnuwun..
Wa'alaikumussalam wr wb.
No comments:
Post a Comment