Thursday, January 8, 2026

SINOM

SINOM 

Laras Pelog Pathet Nem

ꦤꦸꦭꦣꦭꦏꦸꦲꦸꦠꦩ

ꦠꦸꦩꦿꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦤꦲ꧀ꦗꦮꦶ

ꦮꦺꦴꦁꦲꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦔꦺꦏ꧀ꦱꦶꦒꦤ꧀ꦢ

ꦦꦟꦼꦩꦨꦲꦤ꧀ꦯꦺꦟꦺꦴꦦꦡꦶ

ꦏꦥꦠꦶꦲꦩꦂꦱꦸꦢꦶ

ꦱꦸꦢꦤꦺꦲꦮꦭꦤ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ

ꦥꦶꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦠꦥꦧꦿꦠ

ꦠꦤꦥꦶꦲꦶꦁꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ

ꦲꦩꦼꦩꦔꦸꦤ꧈ꦏꦂꦪꦺꦤꦏ꧀ꦠꦾꦱꦶꦁꦱꦼꦱꦩ

Nuladha  laku   utama,
Tumrape wong tanah Jawi,
Wong Agung ing Ngeksi ganda ,
Panembahan Senapati ,
Kapati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu ,
Pinesu tapa brata ,
Tanapi ing siyang ratri ,
Amemangun karyenak tyasing sasama .

(Cakepan Serat Wedhatama, Kaanggit Dening : Sri Mangkunagara IV)

 

Tembung wigati:

a. Nuladha = nyontoa, nirua

b. Laku utama = laku becik, tumindak becik

c. Ngeksiganda = Mataram

d. Kapati = banget

e. Amarsudi = ngudi

f. Pinesu = diudi banget

g. Tanapi = uga

h. Ratri = bengi

Isi tembang :

Niru/nyonto tumindak utama/becik

Kanggo wong tanah jawa

Ratu ing Mataram

Panembahan Senopati

Tumemen nanggone ngudi/ngupaya

Kanthi tapa brata/prihatin

Ing awan bengi

Supaya ndadekake tentreming ati

Pesan moral tembang :

– Niru/nyoto tumindak becik/utama

– Nyuda/nahan hawa nepsu

Struktur  tembang sinom:

a. Guru gatra: 9

b. Guru wilangan lan guru lagu gatra:

1. 8a

2. 81

3. 8a

4. 8i

5. 8u

6. 7a

7. 8i

8. 8i

9. 12a


Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!

a. Sapa sing kudu ditulad manut tembang kasebut?

b. Ngeksiganda iku ngendi?

c. Apa sing diudi Panembahan Senapati

d. Apa tegese amemangun karyenak tyasing sasama?

No comments:

Post a Comment